Laskar Pemuda Papring Rerijik Bukit Sewu Sambang
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 14 Mei 2020 05:47 WIB)
- Laporan
Laskar Pemuda Papring Kelurahan Kalipuro Kecamatan Kalipuro nyata sing gelem kalah ngadhepi keadaan PSBB (Pembatasan Sosial berskala Besar). Ibarate ngadhepi perang iki nganggo tak-tik bertahan, meneng ana ring umah ambi nyandhak pegaweyan hang keneng ditandangi.
Ana dhung 15 nom-noman sagah tanggal 11 Mei 2920 mangkat nyang Bukit Sewu Sambang (BSS) kanggo megiyet bareng ana ring kana.. Pegaweyan paran maning sak liyane pegaweyan rijik-rijik lan becik-becik mumpung dina-dina iki sing ana tamu lan wisatawan hang nekani Bukit Sewu Sambang iki.
Nurut Tamam Fauzi, ketua Karang Taruna Lingkungan Papring, BSS sak lawase ana pageblug covid-19 iki ditutup kanggone pengunjung. Naming ana bain siji loro wong ngelencer hang nekani. Mula iku iyane ambi pemuda Papring nduwe gereget rijik-rijik lan becik-becik sarana lan prasarana hang ana ring kana. Makenee engko kadhung sakmarine PSBB,b BSS bisa tambah rijik lan apik maning.
Panggonan hang duwe pemandangan apik iki sakat tahun-tahun kepungkur pancen wis dadi pilihan kanggone wong-wong hang kepingin ndeleng segara wetan teka ndhuwure puthuk hang asri iku.
Dalan-dalan hang arep nuju kawasan puthuk iku dirijiki lan ditata makene gampang kadhung diliwati. Plastik-plastik lan kothoran uga padha diobong. Sing luput panggonan lungguh hang kaya pondhok-pondhokan bunder iku uga dibecikaken maning. Pokoke BSS kudu katon rijik makene sing ana penyakit lan sing ana virus hang marek nyang panggonan hang endah iku, gediku keterangan Tamam Fauzi.
Sak marine PSBB, Laskar Pemuda Papring wis sagah nampa wisatawan lan tamu maning ana ring BSS. Lan maning Laskar Pemuda Papring wis siyap megawe bareng ambi sapa bain kanggone kegiyatan hang posistip lan mbangun lingkungan lan desane, gediku Tamam Fauzi nerusaken keterangane.
Iki murni swadaya pemuda, sing ana kaitane ambi kegiyatan liyane. Salah sijine kerentege lare nom-noman hang ngeman nyang potensine desa hang bisa dikembangaken makene bisa dadi ikone Lingkungan Papring. Sing salah kadhung warga masyarakat milu urun rembug lan tenagane ana ring kegiyatan iki, gediku Tamam mungkasi keterangane nyang belambangan.com
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf







