Lebaran, Amening Watuk

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 21 Maret 2026 08:52 WIB)
- Laporan



Wayahe lebaran, wong Banyuwangi anjrahe nyambung silaturahim merdhayoh merana-merene. Adate bengen sampek pitung dina pitung bengi kaya ceritane ruwahe Wak Hasnan Singodimayan.
   Saiki ring desa-desa magih ana bain hang nyuguhi jajan sampek tekane lebaran kopat. Malah ceritane Kang Usik, sesepuh kampung Dukuh, Glagah, wong kono duwe adat nampa dhayoh sampek 40 dina.
    Amening, jare Kang Usik, kadhung mangan macem-macem jajanan lan ngombe sembarang ombenan.
   Merga lebaran taun iki tepak wayahe uwahe usum udan nang ketiga. Tandha-tandhane bisa dideleng teka akehe kewan gareng hang metu teka enthunge.
   Biyasahe kaya adate akeh wong hang kumat watuk merga penyakit asmane. Kanggone lalare cilik akeh hang keneng watuk rejan.
     Kang Usik ngomong setemene embah buyute dhewek bengen wis niteni lan maca tandha alam hang ditulis ring Primbon Tatal Belambangan. Unine mula kaya gendhing memengan naming ngemu sastra hang mbangun awak hang seger waras.
   Saben pungkase panenan wit juwet mesthi bareng ambi ngembange belimbing wuluh.
   Mangkane embah buyut wis ninggalaken wekas, nggawe herbal kanggo nyegah penyakit mau.
   Uba rampene yaiku
1. Kembang belimbing 2 ons
2. Jae sak ons
3. Ketumbar 2 sendok
4.  Gula abang setengah kg, aja nganggo gula putih

Carane, kabeh dicemplungaken banyu sak liter setengah, aju digodhog sampek banyune suda kari sak liter.
   Herbal iki bisa diombe sedina pindho soren lan iauk sedurunge sarapan.
   Bisa dienggo sapa bain teka wong tuwek sampek lare cilik. Lalare cilik cukup 2 sendhok dene wong gedhi 3-4 sendhok.
   Kembang belimbing bisa nyegah sariawan hang ana ring lambe lan ring ucus. Dene jae bisa nggawe angete awak lan nguwataken jantung lan paru. Ketumbar bisa ngelancaraken lakune getih lan ngatasi kolesterol. Gula abang kanggo nambah tenaga makene saya jaya nang awak.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.