Leroban, Tanpa ISBN Merga Ngaboti Penulis Nom-Noman
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 01 Desember 2025 07:04 WIB)
- Laporan
Patlikur penulis milu urun tulisan ring Antologi Cerita Cendhek Using 2025 hang diwani judhul Leroban iki. Mesthine iki wis dadi bungahe pegiyat Sastera Using Banyuwangi merga ring tanggal 22 Desember 2024 Sengker Kuwung Belambangan (SKB) lan kanca-kanca pegiyat Basa Using iki uga wis meleciraken buku yaiku, Serampai Kata Blambangan hang arupa Kumpulan gurit utawa Antologi Gurit/puisi hang setaun kepungkur pelecirane manggon ring Nidom Coffee Outlet Jl.HOS Cokroaminoto 71, ngarepe Kantor Dinas Sosial Banyuwangi.
Beda uga ambi buku Kembang Ronce yaiku buku Kumpulan pemenang lan peserta lomba nulis cerita cendhek hang wis kaya biyasahe dianakaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB) setaun sepisan buku hang diweni aran “Leroban” iki mesthine ya campuran sembarang anane kaya dene jangan leroban. Mula iki anane buku "Leroban" iki digawe merga asale tulisan teka maneka maceme penulis hang maneka rupa asale kaya jangan leroban hang digawe teka akeh macem janganan lan ragen-ragenan didadekaken siji diramed ana ring sak panci gedhe.
Salah siji hang campur maneka warna mau contone penulise, ana penulis hang wis koncar-kancir nulis utawa wis duwe buku akeh naming ana uga hang buru ajar nulis hang tulisan cerita cendheke magih keneng diitung deriji. Ana uga tulisan iku dadi tulisan hang kawitan iyane nulis cerita cendhek ana ring buku.
Campuran iku maning mesthi bain ring umur lan pengalaman batin penulise, ana hang magih sekolah, SD, SMP, SMA, ana uga hang wis pangsiyun teka pegaweyane. Iku kabeh nduduhaken dhung buku “Leroban” iki ditulis ambi penulis hang beda-beda asal umur lan pengalaman uripe.
Naming sakusinge buku “Leroban” iki wis dadi buku hang bisa nambahi literasi using ring Banyuwangi hang kabeh tulisane wis nganggo Basa Using beda ambi Buku “Serampai Kata Blambangan” hang magih ana hang nganggo Bahasa Indonesia ring antologi gurit/puisi hang dipeleciraken taun 2024.
Ring kawitan pidhatone Antariksawan Jusuf nyatakaken kadhung “Leroban” iki kepaksa sing ana ISBN (International Standard Book Number) yaiku salah siji layanan publik teka Perpustakaan Nasional RI kanggo identipikasi lan publikasine buku. Iku kabeh merga wis koncar-kancir diajokaken ISBN iku mau ditulak terus ambi Perpustakaan Nasional RI. Tinimbang buku iki sing bisa dipeleciraken merga magih dianggep asile literasi utawa pelatihan banguran buku iki dipeleciraken tanpa ISBN kanggo ngaboti penulis-penulis nom-noman hang buru belajar nulis hang dikarepaken bisa dadi peneruse generasi saiki ring dina mburi.
Aran-aran penulis iku kirane kewaca teka bionarasi hang dikirim dadi sarate ulih ISBN. Cerita cendhek tulisane penulis hang magih sekolah iki dianggep teka asile pelatihan literasi. Alihe penulis-penulis iki saktemen-temene nulis dudu merga milu pelatihan. Penulis-penulis ring “Leroban” iku antarane bain, kaya dene Qonita Ruby Humaira hang magih kelas 2 ring SMPN 1 Banyuwangi, Marissa Safa Azzahra hang magih sekolah ring MTsn 1 Banyuwangi, Lindsay Mikeyla Hatowey hang saiki magih kelas 6 nong SDN 3 Rogojampi, Jasmine Azzalea Khoirunnisa hang saiki magih sekolah nong SMPN 1 Banyuwangi, Fika Malika Ayunita hang magih sekolah ring SMA Rogojampi, lan Aisha Nada Nadhliyina hang saiki magih kelas 4 SDN 1 Tamansuruh. Lalare sekolah iki wis padha tau dadi juwara ring lomba nulis lan ring Festival Literasi Using. Emeh kabeh wis tau milu Kemah Cerpen hang dianakaken Balai Bahasa Jawa Timur lan digembleng ambi sastrawan-sastrawan teka Jawa Timur.
Keterangane Antariksawan Jusuf Ketua SKB hang uga dadi penyunting ring buku iku saknalika ulih keplok teka kabeh uwong hang nekani pelecirane ring Pendopo Kantor Camat Banyuwangi, 30 Nopember 2025.
Peleciran buku Antologi Cerita Cendhek Using 2025 hang dibarengaken ambi Bedah Buku Agul-agul Belambangan karyane Moh. Syaiful lan Ontrang-ontrang Langit Payaman tulisane Kang Ujik iki disakseni ambi Hasan Basri Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), H. Hartono, S. Sos., M.Si Camat Kota Banyuwangi lan Plt. Kepala Dinas Perpustakaan dan Kearsipan Kabupaten Banyuwangi, Yusdi Irawan, S.E., M.Si.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf
