Lindhu Dalu ring Ulan Sura

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 14 Juli 2026 06:28 WIB)
- Laporan



Anane lindhu ring Banyuwangi tanggal 13 Juli sekira marekaken Isak ring ulan Sura iki dititeni minangka tandha-tandha alam hang nggawa isarah.
   Lindhu hang magnitudone 4.1 M (bengen itungane ditulis ambi istilah Richter kanggo nduduhaken gedhine kekuwatan lindhu ring pusere) iku setemene pusere ring 28 km wetan-elore Jembrana Bali lan jerune 12 km dirasakaken nong Banyuwangi, Buleleng lan Jembrana. Ring Banyuwangi goyange umah dirasa ibarate kaya ana trek liwat nong dalan ngarep umah.
   Jare sesepuh masarakat Using Dukuh Talunjeruk Glagah kang Usik hang ngangsu kaweruh tumujune rasa ring tethek-tethek titen isine primbon tatal, lindhu ring ulan Sura wektune wayah ring bengi iku banyu segara ngucak utawa ombake gedhi.
   "Nawi ana kang duwe lakon nyabrang segara supaya ditundha sulung makene aja nemu alangan ring segara," jare Kang Usik.
   Leluhure wong Belambangan wis nulisaken ring primbon tatal tandha-tandha hang saiki bisa diwaca anak putune.
  Kadhung bengen para leluhur wekase asile maca kedadeyan alam bisa diwujudaken arupa sastera.
   Naming saiki kene bisa nggawe analisa ilmiyah, nyatheti tetenger kanggo mbukak wawasan lan pengalaman lan diwarisaken nang generasi mengarepe.
    Jare primbon tatal mauka, kadhung ana lindhu ring ulan Sura wayah ngeraina iku wong tani kang nandur pari ana kang gabug mingkem. Kang nandur pala gemantung kaya timun lan liyane padha bosok. Lan hawane rasane adhem nyang awake uwong tuwek enom, lare-lare cilik padha nggereges.
   "Mula aja pedhot ndonga nyang Pengeran lan sedhekah bumi yaiku pala pendhem," jare kang Usik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor