Literasi Using 2025 Dadi Panggonan Lestarine Basa Using

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 05 November 2025 06:18 WIB)
- Laporan



Festival Literasi Using 2025 hang dianakaken ring SDN Model Banyuwangi taun iki tambah rumang. Festival hang dianakaken barengan mesisan ambi FTBI (Festival Tunas Bahasa Ibu) 2025 tingkat kabupaten iki dibukak ambi Asisten Bupati Banyuwangi Dwi Yanto. Sing daman-daman Bupati Banyuwangi Ipuk Festiandani nekani ring pungkasane kegiyatan kelawan ngedum piala nyang para pemenang.

Magih kaya taun-taun sakdurunge Festival hang dianteni pegiyat Basa Using lan lare-lare sekolah teka jenjang SD (Sekolah Dasar) lan jenjang SMP (Sekolah Menengah Pertama) nganakaken 8 cabang  lomba antarane bain: 1. Lomba Geguritan (Puisi Using), 2. Ngewer (Komedi Tunggal), 3. Nulis Cerita Cendhek Using, 4. Ndongeng), 5. Nembang (Menyanyi Lagu Using), 6. Lomba Pidhato 7. Aksara (Ejaan Basa Using), lan 8. Lomba Memengan Sandhiwara (Drama Using).

Ring Upacara pembukakane para undangan digawe dhemen lan girang merga ana tampilan teka juwara “Ngewer” taun 2024 hang aran Hafiz asal SDN 2 Taman Suruh hang nggawa “Ngewer” utawa Komedi Tunggal. Sangking apike nggawa “Ngewer” Hafiz lare asal Wonosari Glagah iki ulih apresiasi teka Asisten Bupati Banyuwangi lan Sekdin Dinas Pendidikan Banyuwangi arupa picis hang akehe 200 ewu.

Ring Upacara penutupane Bupati Banyuwangi duwe kesempatan nguweni hadhiyah nyang kabeh peserta lomba jenjang SD ( Sekolah Dasar) lan jenjang SMP (Sekolah Menengah Pertama). Ring kana Bupati Banyuwangi iki uga nyempataken poto bareng ambi para peserta “Festival Literasi Using 2025, sakmareke ndeleng penampilan juwara “Ngewer” jenjang SD  taun 2025 lan juwara Nembang jenjang SMP taun 2025.

Para Juwara iki sakteruse arep makili Kabupaten Banyuwangi nong Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) 2025 tingkat Propinsi, mung Lomba “Memengan Sandiwara” bain hang sing lanjut nyang propinsi merga lomba iki sing ana ring tingkat propinsi.

Ring Sambutan pembukakane hang nganggo Basa Using iki Dwi Yanto hang uga ahli Basa Daerah iki uga nyampekaken hang penting ana ring Pendidikan Bahasa iku prakteke, aja sampek mari belajar taun-taunan ana ring sekolah aju sing bisa Basa Using ring saban dinane. Sakteruse Sekdin Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi Dr. Alfian M.Pd nyataken kegiyatan iki tujuwane kanggo ngelestarekaken Basa Using hang dadi basane wong Banyuwangi.

H. Abdulah Fauzi hang kedapuk dadi salah sijine juri nyatakaken taun ngarep kudu dibecikaken maning penyelenggaraane. Aturan hang ana ring lomba kudu dijejegaken maning kayadene “Nembang” ring Tingkat SMP lan “Ngewer” makene ana bedane hang jelas antarane lomba pidhato, lomba ngewer lan lomba ndongeng, gediku seniman hang uga budayawan Banyuwangi iki nambahi keterangan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf