Lomba Gurit lan Cerita Using ring Harjaba 250

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 23 Desember 2021 08:58 WIB)
- Laporan



Ana dhung 20 wakil kecamatan ring Satuan Koordinator Pendidikan (Satkordik) Sekolah Dasar sak Kabupaten Banyuwangi hang milu ring lomba Maca Guritan Using lan Lomba Cerita Basa Using mengeti Harjaba hang kaping 250 taun iki. Wakil kecamatan iku wis kepilih ana ring Satkordik kecamatan sedurunge milu ring lomba iki. Ana mung limang kecamatan bain hang sing bisa milu lomba kayadene kecamatan Purwoharjo, Siliraagung, Pesanggaran, Muncar lan Tegalsari.

Miturut Juwono, S.Pd hang dadi ketuwa panitiyane, lomba iki digagas ambi tim Penulis Materi Basa Using Sekolah Dasar hang megawe bareng ambi Dinas Pendidikan Banyuwangi. Erpandi, M.Pd hang dadi Kasi Peningkatan Mutu dan PTK (PMPTK) SD ring Dinas Pendidikan nyatakaken kegiyatan iki uga kanggo ningkataken apresiasi lan kreasi murid-murid Sekolah Dasar nyang materi pelajaran Basa Using.

Sedurunge dilakoni, Lomba iki uga wis nganakaken temu teknis ring SDN 1 Kebalenan Banyuwangi. Mula iku kabeh peserta wis bisa ngugemi nyang aturan lomba Maca Guritan Using lan Lomba Cerita Basa Using.

Lomba iki dianakaken ring dina Rebo, 22 Desember 2021 manggon ring rong panggonan, yaiku Aula Dinas Pendidikan kanggo Lomba Cerita Basa Using lan Aula SDN 4 Penganjuran utawa SDN Brawijaya Banyuwangi kanggo Lomba Maca Guritan Using.

Lomba iki uga diunggah ring Live Streaming Channel Youtube: Dispendik Banyuwangi lan Live ring Channel Youtube bwiful Channel. Erpandi, M.Pd nyatakaken maning kadhung Live Streaming Youtube iki dikarepaken makene anane Lomba iki uga bisa dideleng lare-lare SD lan guru-gurune hang sing bisa nekani tepak ring dinane lomba iku.

Lomba iki uga langsung diumumaken pemenange dina iku. Wakil teka Kecamatan Banyuwangi dadi juwara 1 ring Lomba Cerita Basa Using lan wakil teka Kecamatan Kabat hang dadi juwara 1 ring Lomba Maca Guritan Using.

Momok teka Dewan Kesenian Blambangan hang didhapuk dadi juri lomba Maca Guritan Using nyatakaken sing nyangka lan sing nyana kadhung lare-lare cilik teka jenjang Sekolah Dasar iki akeh hang wis bisa maca guritan Using nganggo ekspresi lan intonasi nganggo Basa Using hang deles, masiya logate hang beda-beda teka asal dhaerahe dhewek-dhewek.

Sak teruse ring kene bisa diweruhi juwara 1 sampek juwara harapan Lomba Maca Guritan Using lan Lomba Cerita Basa Using tingkat Sekolah Dasar Kabupaten Banyuwangi Tahun 2021. Juwara 1, 2, 3, lan harapan 1 uga harapan 2 Lomba Maca Guritan Using: Kec. Kabat, Kec. Banyuwangi, Kec. Glenmore, Kec. Rogojampi lan Kec. Srono. Sak teruse Lomba Cerita Basa Using juwara 1, 2, 3, lan harapan 1 uga harapan 2 yaiku: Kec. Banyuwangi, Kec. Glagah, Kec. Cluring, Kec. Kabat, Kec. Srono.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Hani Z. Noor