Lomba Ndongeng Basa Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Juli 2020 06:15 WIB)
- Laporan
Kayadene lalare kabeh sak donya, lalare Using ya dhemen didongengi. Ana dongeng-dongeng Asal-usule Watudodol, Jaka Bundu, Hak-Hak Peng, Panji Kelaras, Munthung lan Bergul lan liya-liyane.
Pertunjukan kesenian Banyuwangi uga akeh ceritane hang njuwut teka dongeng.
Sengker Kuwung Belambangan, minangka paguyuban budaya hang nduweni wigati ring basa lan budaya Using wis saben taun sakat 2013 nganakaken lomba ngarang cerita cendhek basa Using.
Merga teknologine wis ana, dikawiti taun iki, SKB nganakaken Lomba Ndongeng nganggo pideo kanggo lalare pelajar. Mandar muga kelawan nganggo media hang wis parek nyang lalare iki, lomba iki bisa kanggo wadhah nguri-nguri tinggalane leluhur yaiku basa Using lan uga milu njejegaken budaya positip nong lalare sekolah.
Hang milu lomba kudu ngirim dongenge ring pideo kelawan audio hang apik lan jelas, resolusi minimal 720p, dawane 8 sampek 15 menit. Aju kirimen nganggo email nong: [email protected] liwat www.wetransfer.com.
Kudu ditambahi keterangan: aran, asal sekolah, nomer hp lan email.
Lomba iki mung kanggo lare SD, SMP, SMU sederajat. Iki tanggal-tnggal hang kudu digatekaken:
20 JULI - 31 AGUSTUS 2020, wayahe ngirim pideo dongenge
1 SEPTEMBER - 25 NOVEMBER 2020
Dongenge disiyaraken ring tv SKB ring you tube.
13 DESEMBER 2020 pengumuman pemenange.
Delengen, aja lali pilonana kelawan ndulek SUBSCRIBE lan wanana JEMPOL LIKE.
Hang paling akeh ulih LIKE ulih hadhiyah paporit penonton.
Lomba iki gratis, hing kathik mbayar.
Paran bain hang dibiji? Ekspresi, Artikulasi, lan Cerita.
Hadhiyahe:
Kategori SD sederajat
Terbaik 1 RP. 500.000
Terbaik 2 RP. 400.000
Terbaik 3 RP. 300.000
Kategori SMP sederajat
Terbaik 1 RP. 600.000
Terbaik 2 RP. 500.000
Terbaik 3 RP. 400.000
Kategori SMU sederajat
Terbaik 1 RP. 800.000
Terbaik 2 RP. 700.000
Terbaik 3 RP. 600.000
Hadhiyah HASNAN SINGODIMAYAN
(Kanggo hang paling akeh ulih jempol/like)
RP. 500.000
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








