Lomba Patrol Ring Banyuwangi Lan Jawa Timur 2021
Wowok Meirianto (dipublikasikan pada Kamis, 13 Mei 2021 07:43 WIB)
- Opini
Aran puwasaan ring Banyuwangi wis sak ambegan ambi hang aran Patrol. Kesenian tradhisional nganggo alat musik jajang, melibengi lurung lan lompongan-lompongan, mainaken gendhing religi nguwataken iman ambi nggugah wong saur. Ring perkembangane saiki, patrol sing mung kanggo nggugah wong saur, tapi uga kerep digawe lomba, tujuwane supaya patrol tetep lestari lan saya tambah apik dideleng lan dirungokaken.
Ulan puwasa 2021 iki, ana rong lomba patrol yaiku ring Waroeng Kemarang Banyuwangi kanggo peserta grup sak Banyuwangi, lan Lomba Patrol sak Jawa Timur hang dianakaken ambi Partai Golkar Jawa Timur.
Asile lomba ring Waroeng Kemarang diumumaken tanggal 9 Mei 2021 bengi, sak mareke final lan rapat juri. Pak Wabub Sugirah teka nguweni sambutan penutup lan nyerahaken hadhiyahe. Juwara siji-ne yaiku Joyo Karyo teka Singotrunan, disusul Pengamen Jalanan Dinas Sosial, Mbah Gandrung Singojuruh, Kharisma Blambangan Cungking, lan Jajang Selaras Lateng.
Kadhung lomba patrol Jawa Timur, diumumaken sedina sewengi sakwise lomba patrol ring kemarang. Nyatane, Joyo Karso Singotrunan ya juara 1 pisan ring lomba iku.
Sak durunge, akeh hang nakokaken asile Lomba ring Kemarang kelawan macem-macem pitakonan. Umpamane, "Hing salah tah endane keputusane, apuwa gok peserta hang apik-apik bisa kalah." Ana maning: "Gok peserta hang anggotane melegenda bisa kalah? Paran endane hang dibiji? Ana maning hang takon: "Lomba patrol tah lomba tari?" Ana maning hang jare lare saiki "lebay" sampek ngomong, "Seni patrol berduka... bisa paran iku jurine." Lan sak teruse.
Serta lomba patrol Jawa Timur diumumaken pemenange pisan, muga-muga kabeh padha legawa, nerima lan adhem.
“Dadi juwara iku mula angel, tapi lebih angel maning ngakoni kelebihane lawan," iku jare unen-unen. Mula gedigu hang arane lomba, ana hang menang lan ana hang kesisih. Hang arane beda penemu iku biyasah, tapi hing perlu dirageni. Hang penting, semangate lomba patrol yaiku terus nguri-uri kesenian tradhisional Banyuwangi makene tetep lestari lan berkembang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Website Golkar Jawa Timur
Editor: Hani Z. Noor