Lukisan 2,4 M ring Pameran Artos Kembang Langit
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 25 Desember 2021 09:11 WIB)
- Laporan
Lukisane A. Wiki payu Rp. 2,4 M ring Pameran Artos Kembang Langit hang manggon ana ring Gedung Juang ’45 Banyuwangi. Lukisan hang nganggo aran “Penjual Bunga” iki ukurane 300 cm X 150 cm hang digawe nganggo cat minyak ring ndhuwure kanvas.
Magih kaya biyasahe A. Wiki nganggo gaya pisau palet lan nganggo cet hang kandele emeh 10 cm. Sing mohal kadhung pungkasane lukisan iki abote emeh sekintal setengah.
Kadhung urusan teknik lan ekspresine muride pelukis Bani Amora Genteng iki aja ditakoni maning. A. Wiki pelukis kelairan Genteng iki wis kejuluk mupus nyang babakan teknik lukis lan ekspresi. Ring jaman boom seni Lukis Indonesia bengen iyane wis tau mecahaken rekor lukisan paling larang hang payu ring pameran yaiku nganggo rega Rp. 1 M kala semana. Ya sing kaget kadhung A. Wiki dina iki payu sampek ana ring ndhuwure Rp. 2 M. Malakan kadhung pameran ana ring Singapura iyane bisa masang rega Rp. 5 M.
Imam Maskun hang dadi ketua Pameran Artos Kembang langit 2021 ini mbeneraken kadhung lukisan “Penjual Bunga” iki payu kelawan rega sakmono, naming magih durung ana transaksi, biyasahr kadhung pameran wis ditutup engko lukisan dikirim nyang hang nuku aju ambi pelunasane pisan.
Sakliyane A. Wiki lukisan-lukisan liyane uga akeh hang payu. Ana dhung 45 lukisan payu ana ring pameran lan lelang hang wis dianakaken ring tanggal 10-22 Desember 2021. Sing nyamah kadhung pameran iki bisa diarani pameran tingkat nasional masiya manggon ana ring Banyuwangi kanggo mengeti dina dadine Banyuwangi hang kaping 250.
Masiya mung manggon ana ring Gedung Juang 45 Banyuwangi naming pameran iki ditekani dr. Oei Hong Djien, dr. Melani yaiku kolektor nasional hang wis biyasah ngoleksi lukisan-lukisane pelukis-pelukis terkenal Indonesia. Sing luput kolektor-kolektor iku mau ya nebas lukisan-lukisan hang dipameraken ana ring Pameran Artos Kembang Langit 2021. Tokoh-tokoh nasional uga nekani ana ring pembukaane hang ditekani Bupati Banyuwangi iku, katon ana Nirwan Dewanto, Agus Sudibyo, Nasirun, Koeboe Sarawan, Katirin lan uga Sudjiwo Tejo.
Aris Sugiarta salah sijine peserta pameran lukisan ngaku seru girange merga lukisane hang aran “Seniorita” bisa dituku ambi dr. Oei Hong Djien kolektor nasional hang wis kesuwur ana ring donya lukisan nasional iku. Masiya mung payu 20 juta Aris ngakoni kadhung iyane wis girang merga iki buru kawitan lukisane payu ana ring pameran lan sing capak-capak langsung dituku kolektor kaya dene dr. Oei Hong Djien. “Seniorita” lukisane hang ukurane mung 70 cm X 90 cm iku digawe nganggo acrylic ring ndhuwure kanvas. Aris nyeritakaken kadhung lukisan abstrake iki nggabaraken anane wong wadon hang dadi sisik melike hang bisa nggawe kepincut wong lanang.
Sak liyane Aris Sugiarta Windu Pamor uga payu lukisane. Windu Pamor hang kesuwur nggambar kelapa iki majang lukisane ana ring pameran hang akehe loro kabeh payu dituku kolektor lokal lan kolektor nasional. Lukisan hang nganggo aran “Kelapa Gading” lan “Red Cactuse”. Sing cukup semono lukisane iyane hang aran “Bunga Matahari” hang dilukis ana ring panggone pameran uatawa on the spot (OTS) dituku wong Surabaya. Lukisan hang nggambaraken kembang serngenge iki minangka dadi gambaran Banyuwangi hang saiki iki wayah melethek sunare kayadene kembang serngenge.
Agus Dermawan T. wong hang kelairan Rogojampi hang saiki dadi kurator Nasional lan Internasional iki dipercaya dadi kurator ana ring Pameran iki. Pantes bain kadhung lukisan-lukisan gaweyane S. Yono, Nanang Lugonto, Agus Salim, Dadah Subagya, Sugih Laros, Purnomo Ipung, M Kholid, Abdul Azis, Mbah Eko, lan liyan-liyane uga payu ana ring pameran iku. Kadhung diitung meh ana 50 lukisan hang payu, gediku Imam Maskun nambahi keterangane.
Lancar lan suksese pameran iki merga dukungan kabeh wong hang ana ring banyuwangi uga kanca-kanca seniman lan pelukis hang ana ring kadohan. Kadung ditotal kabeh wis melebu Rp, 3 M lebih hang wis ndadi lukisan ana ring pameran lan ana ring lelang. Iki magih ana maning hang durung kecathet naming wis nego-nego arep nambahi payune lukisan iki maning, gediku ketua panitia Artos kembang Langit nambahi penjelasane nyang reporter belambangan.com.
Muga-muga asile pameran hang wis dimupakati separone kanggo donasi nyang korban Gunung Semeru iki bisa lancar ring transaksine, makne gelis para pelukis iki bisa nguweni bhakti kanggo masyarakat Lumajang hang wis keneng musibah peledhosane Gunung Semeru, gediku Imam Maskun mungkasi keterangane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf






