Macem-Maceme Sastera Lisan Using (Bagiyan 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 23 Januari 2026 07:25 WIB)
- Opini
Macem-Maceme Sastera Lisan Using (Bagiyan 2)
Ditulis ring Nanang Yuswantoro Zuniar
Poerbotjaraka kangelan nentokakan aran tembang hang ana ring Kitab SUDAMALA, merga wujude hang sing padha ambi pakem-pakem tembang Jawa jaman semono. Taping Zoetmulder wani nyimpulaken, kadhung SUDAMALA ambi SRI TANJUNG kelebu Sastera Kidung. Lha ring pungkasan ulasane, Zoetmulder magih mamang nentokaken SUDAMALA ambi SRI TANJUNG iku kelebu karya sastera tah sing.
Kadhung rika rungokaken gendhing-gendhing gandrung, akeh rika temokaken ukara "jare paman", "yara", "eman", "alak emas", iku biyasahe kanggo njangkepi itungan ujar angger sak baris.
Kadhung wis ketulis ana berarti mula bengene ana teradhisi Sastera Tulis ring Belambangan hang saiki diarani Banyuwangi.
Aju nang endi bain karya sastra tulis mau? Endane mung semono? Nah, pitakonan iki muga-muga nggugah para dulur hang saiki sinau ilmu sastera. Embuh iku digoleti teka perpustakaan ring universitas njero utawa njabane negara. Petunjuke wis ana, kari nganteni tekade bain nggoleti. Masiya tah sing wutuh maning sak sing-singe bisa nyambung sejarah hang kepunggel mau.
Sastera Lisan
Pengertiane Sastera Lisan yaiku karya sastera hang disampekaken ambi cara lisan utawa omongan. (Masiya iki ya rada aneh merga ucap "sastera" iku dhewek artine "paran hang ketulis".)
Wujude bisa gendhingan, dongeng, cerita kewan, gurit, basanan, wangsalan, paribasan, sanepan, mantra lan gendhingan memengan.
Sastera lisan iku gampang uwah merga diunekaken tanpa ditulis. Hang cerita lan nembang kawitan, engko mesthi beda ambi cerita, tembang hang digawakaken wong liya, masiyatah judhul cerita lan tembange padha.
Gurit utawa puisi lisan Using yaiku salah sijine sastera lisan hang merujuk lan mekar ring njerone masarakat Using. Akeh-akehe arupa pikiran utawa rasa rumangsa teka wong iku dhewek.
Adat nggunakaken gurit lisan nong njerone penguripan sedina-dina wong Using magih kuwat. Buktine, magih kerep dienggo gurit-gurit lisan Using mau nang serawungan sedinane masarakat Using.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.