Macem-Maceme Sastra Lisan Using (Bagiyan 1)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 22 Januari 2026 07:44 WIB)
- Opini
Macem-Maceme Sastra Lisan Using (bagiyan 1)
Ditulis ring Nanang Yuswantoro Zuniar
Sedurunge mbahas macem-macem Karya Sastera Lisan Using, kudu dipesthekaken sulung anatah sing SASTERA USING iku? Kadhung mula ana, paran bain asil karyane mau lan kelendi wujude. Iki penting, kanggo ngerunut anane Sastera Using mau.
Masa duwe basa, taping sing duwe
karya sastera? Iki mula rada aneh lan terus dadi pitakonan.
Masiya tah sara nggolet bukti sejarah Sastera Using taping nong Ensiklopedia Indonesia (1987:399) ketulis gedigi:
"ALIRAN SASTRA BANYUWANGI sampai abad ke-18 masih ada penganut Agama Hindu dan bahkan aliran sastra yang disebut 'Aliran Banyuwangi'. Misalnya naskah Sri Tanjung dan naskah Sang Satyawan berasal dari aliran sastra itu. Pada masa Majapahit, kedua cerita itu sudah terkenal, karena dipahat di teras Pendhapa Penataran Blitar".
Teka pernyataan ring ndhuwur mau katon jelas kewela-wela, kadhung Sastera Banyuwangi tau ngalami masa jaya lan wani metu beda ambi sastera sak jamane.
Ciri has hang paling katon yaiku teradhisi lisane, kaya hang diomongaken ambi Van Stein Callenfels arupa jelentrehane nang Kitab SUDAMALA. Kawitane Sudamala iku disebaraken nganggo cara lisan (Zoetmulder,1985:57)
Sak teruse Van Stein Callenfels nambahaken ulasane kaya gedigi:
"Ujar MANGKE atau MANGKO yang sering muncul pada akhir baris pertama, ketiga, kelima…… menjadikan syair itu agak kaku dan kurang luwes. Selain itu, bila kita meninjau jumlah besar varian, kita terkesan banyak varian... yang tak mungkin dapat disebabkan kesalahan para juru salin, asal mula disebabkan karena (syair-syair itu) diteruskan secara lisan (Zoetmulder,1985:77).
Penjelasan iku mau, magih digamblangaken ambi Poerbatjaraka (1952:81-82) kadhung kitab Sudamala iku gawenane wong desa. Carane nggoleti 'ding-dong' (parsajakan) mung akeh ditambahi ujar "mangko", "mangke" bain.
Sak teruse Poerbatjaraka kangelan nentokakan aran tembang hang ana ring Kitab SUDAMALA, merga wujude hang sing padha ambi pakem-pakem tembang Jawa jaman semono. Taping Zoetmulder wani nyimpulaken, kadhung SUDAMALA ambi SRI TANJUNG kelebu Sastera Kidung. Lha ring pungkasan ulasane, Zoetmulder magih mamang nentokaken SUDAMALA ambi SRI TANJUNG iku kelebu karya sastera tah sing.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-66656.jpg)