Macem-Maceme Sastra Lisan Using: Gurit (Bagiyan 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 24 Januari 2026 06:03 WIB)
- Opini
Macem-Maceme Sastra Lisan Using (Bagiyan 3)
Ditulis ring Nanang Yuswantoro Zuniar
Adat nggunakaken gurit lisan nong njerone penguripan sedina-dina wong Using magih kuwat. Buktine, magih kerep dienggo gurit-gurit lisan Using mau nang serawungan sedinane masarakat Using.
Gurit Lisan Using:
1. PARIBASAN
Kadhang ana wong-wong hang durung paham mbedakaken Basanan (pantun) ambi Paribasan (peribahasa), merga karya sastra lisan Using iku kadhang dicakup dadi siji. Aseline paribasan taping wujude arupa basanan.
Tuladha:
Nyaling singkal ra kuthunga
Sasak watu bain bisa embat-embatan
Nyaling bakal ra wurunga
Hang wis anak putu bain bisa pegatan
Baris siji lan loro dudu terima sangsangan (sampiran), kanggo golet padhane uni (guru lagu) lan akehe ujar (guru wilangan). Masiya tah, pungkasan baris telu lan papat mula "nyanthol" unek lan akehe ujar nang baris ndhuwure.
Acak damakena, baris kawitan 'singkal' hang teka kayu wis mesthi gampang tokleh. Iki nggambaraken wong hang bakalan bisa bain pedhot lan mandheg tengah dalan.
Baris lorone nguwataken kadhung sasak hang teka watu bain bisa embat-embatan. Iki kanggo paribasane wong hang wis anak putu, iku yara gambarane 'hubungan' hang wis kuwat merga sampek duwe anak lan putu. Taping 'kemungkinan' arep pedhot tengah dalan iku magih ana, utawa bisa pegatan.
Paribasan mau artine kadhung magih bakalan bain, aja kaya temenanan. Merga mengarepe paran hang arep kedaden, menungsa hing ana hang weruh.
Arane bain bakalan, bakal dadi tah bakal wurung. Iki hang perlu digatekaken lare-lare enom, utamane lare wadon, aja gampangan lan geleman kadhung diajak ngelakoni lebih teka hubungan kekancan.
Kudu enget gok bakalan iki dudu hubungan hang temenanan lan pancen, durung sah miturut itungane agama lan adat.
(Ana terusane: 2. Wangsalan lan Basanan)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

-7561.jpg)
-15736.jpg)
-66287.jpg)
-27549.jpg)