Mangan Kembul lan Ancak

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 13 Januari 2022 08:29 WIB)
- Opini



Wayah selametan lan mangan kembulan ring Banyuwangi wis anjrah nganggo ancak. Mangan kembul, muluk, lungguh madhep panganan, hing mung ngunggahaken rasa sak duluran taping uga ndadekaken rasa guyub kanggo njaga sak kumpulan.

Kaya disebut mbok Wiwin Indiarti ring Makna Kultural Hidangan Ritual Tumpeng Sewu di Kemiren (Jagat Osing, 2015), gok mangan kembulan hing mung sak derma kanggo nyambung urip. Ngutip Di Segni ring The Cultural Dimension of Food, "eating becomes a rite, a holy way of being and acting, an instrument for perfection; no longer just a way to survive and biological necessity, but also a cultural affirmation."

Wong-wong tuwek ngewani pitudhuh gok mangan kembulan biyasahe sega, iwak lan panganan jangkepane dideleh ndhuwur godhong hang ditataki jajange ancak. 

Ancak iku kudu digawe teka papahe godhong gedhang hang digawe kothak lan paling sithik rong kothak uga ditumpuk lan dikuwati nganggo jajang hang wis dikeroti.  Kanggo nggawe modhele makene bisa pesagi disunduk jajang hang wis dikeroti cilik-cilik kira-kira sak patelut ukurane. Jajang iku mauka ya mung diweni petang sunduk hang wujude kothak pisan ring tengahe papahe gedhang mauka. Sakliyane iku ya mula kanggo ganjele godhong hang dienggo wadhah sega utawa sahan.

Mula ancak iki wis arang dienggo kerana wis ana lengser. Dadi isun weruh akeh-akehe ring desanisun wis sithik-sithik ilang wong nganggo ancak. Ya embuh dhung ring desa liyane, mugi bisa terus lestari hang aran ancak.

Alae dhung hun pikir njeru, anane ancak iku alami bahane, bisa nambah kreatipitas pribadi, ana kesan tradhisional, nguri-uri warisan leluhur, uga dhung wis mari dienggo ya bisa langsung dibuwang. Kadhang ana kegiyatan ritual hang ancakane utawa sahane dikelumpukaken dadi siji, lan marek acara aju diedum maning, bisa dadi tawur, ancak hing bisa balik maning hang nyang wong hang nggawa. Biyasahe hang gedigu iku proses kanggo selametan hang mangan bareng-bareng kaya bersih desa uga selametan muludan. Mesthi hing ana rasa kelangan kerana mung papah gedhang lan jajang belaka. Naming dhung wujud wadhahe iku lengser lan wong hang nduweni ati hing terimaan, bakale digoleti sakketemune lengser mauka merga wedi diempet ambi hang nemu.

Anane ancak galapan ambi lengser hang kepingin milu selametan. Anggone dhung bisa ngatur gunane rong wadhah iku mesthine enak kelendi carane nguri-uri ancak uga kelendi carane lengser hang nong pawon bisa dienggo pisan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor