Maning,Cerita Santhet

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 07 Juli 2026 06:21 WIB)
- Opini



Santhet lan dhukun santhet setemene ring endi bain ana, mung arane bida-bida. Ring kulonan ana hang ngarani jengges. Akeh jenise tapi embuh apuwa hang 'ngetop' kok cap santhet teka Banyuwangi.
   Ceritane tukang 'jengges' iku macem-macem, mohal-mohal, sing 'masuk akal' kerana hang dienggo mula dudu ilmu akal, dudu ilmu katon. Ilmu alus padhane angin, sing katon ring mata, naping nyata ana. Ana ceritane tukang semprong hang istilahe wis 'pro' kelase; ulih 'orderan' ngantem 'saingan bisnis' ring Singapur kana uwonge. Edheng? Ngelencati pager wangkite negara. Acarane direka liwat tilpun, Banyuwangi-Singapur. Sing butuh paran-paran, rambute tah parane wong hang dituju. Mung dianteni sampek iyane metu montoran nong dalan rame.
   "Pira nomere montore?" Mbah dhukune takon pelat montore.
   Let sedhela, 'klien' teka negara hang kayane werane sing kacek akeh ambi Banyuwangi iku semanta ring tilpun,   
   "Beres wis, mbah! Rika mula canggih, mbah! Picise mari iki Hun transfer".
   Jare, hang disanthet mauka mara-mara 'kecelakaan', tabrakan! Mati! Jare. Iki dhalangane kana hang tau dadi 'asistene' dhukun 'pro'. Cepet diundang luwar kutha, biyasah melebu metu hotel hang ana bintange.
   Ana hang ceritane kaya bintang bangete kiyep. Bangete apes. Kaya maling hang wis kewaregen nyolong, kari-kari ketemon lan ketangkep. Mbah dhukun hang iki jare wis kakehan nyengeti uwong taker abuh, taker mati sing ulih tamba. Umahe ring pinggirane desa, pinggire banyu; diwedeni tangga-tanggane sampek wong luwar desa. Ampuh, sakti, sak desa sing ana hang wani.
   Ahire ana hang wanine 'nyiyasati', ngakali. Kanthong seruwal, uwong akal. Sing wani dhep-dhepan ya golet akal. Meneng-menengan tanggane sekongkelan, gawe 'konspirasi', gawe timses. Dititeni, adate saben dalu uwonge ngogrog ring banyu. Teka kene ketemune siyasate. Hang disiyasati sing rumangsa dadi 'target'. Nawi mula wis wayahe. Mari ngerekeb ring banyu terus melebu umahe maning. Kilah-kilah. Ngarepaken subuh abete buru kesirep. Kerungu menjaba ngoroge. Buru turu sak srepan, serngenge durung melecir. Iyane ngelilir maning, embuh ngipi paran? Jelase terus njegog kerana bacote mambu bacin seru antere, seru pareke. Paran iki? Perasane mangkat sing enak. Serta lawange diengekaken, matane abang serang muringe, mendelik kaya matane barong. Langsung muntab. Kurang ajar! Hang mambu kalingana lawange, ana hang moleti 'keat'! Sithika. Sasat dilabur. Sapa wonge sing muntab? Tangane keneng pisan, gobod, bangete kesusu mbukak. Kok kari wanene, sapa endane? Sing weruh tah, sapa isun? Atine sing terima panas! Gemulak wolak-walikan! Selawase urip buru iki ana hang wani nggacah kari gedigi. Sing tau rungu ana uwong kari ladak gedigi. Cangkeme sing mandheg gok celathu, lan ngancas,
   "Mbuh sapa Sira? Matiya Sira! Bangkaa Sira!"
   Bareng ambi melecire serngenge, 'keat' hang kecekel tangane digarap, dijapani, diakehi menyane, dipasangi aji-aji pamungkas. Cangkeme kecemit-kecemit. Whess.....!!! Senjatane berangkat miber, ting mara-mara mbalik maning, makan tuane dhewek. Ngantem iyane dhewek. Whess.....!!! Mbah dhukune nggeblag! Kelenger sing ana hang dhenger. Sing ana hang weruh. Weruha sing ana hang wani ngungang. Wanine serta wis dalu sing ana metu kaya adate nyang banyu. Temune mula mati temenan wis. Sakti, sakkal mati.
Langsung mati. Sing sempat ales, sing sempat mikir apuwa kok bisa gedigi? Iyane sing ngira, sing nyana gok 'keat' hang 'dirituali' iku anune dhewek. Alamat kirime ya awake dhewek. Sing ngarti ana timses, 'tim feses', hang nyeja ngadhang lan nyeser 'feses'e ring banyu ngisor kono, ring petengan aju iyane ngogrog; terus dipoletaken lawange serta wis yakin rungu iyane ngorog, tandha kesirep temenan.
   Jare paribasan, 'pira-pira dhuwure gunung magih ana hang dhuwuran maning'. Ring endi bain setemene ana wong pinter, ana wong tuwek; ana hang cemeng, ana hang putih. Saumpama wit-witan, Banyuwangi, rame-ramene isu santhet, akeh wit-witan cemeng padha ditegori, ting abete padha merujuk maning. Hang eman, saiki wit-witan putih hang gedhi-gedhi wis padha dipundhuti. Muga-muga magih ana, magih akeh, mung isun bain sing weruh papane. Sunthine, perujukane hang mati, katone sing kariya seger; uripa sing kirane bisa gedhi dhuwur nunggali babone. Banyuwangi wis kadhung cemenge hang diengeti lan diomongaken uwong. Disablon nong kaos, 'Banyuwangi The Santet of Java'.

(Iskak Basuki)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Foto AI

Editor: Hani Z. Noor