Masjid Baiturrahman Mapag Tekane Puwasa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 16 Februari 2026 06:52 WIB)
- Laporan



Masjid Baiturrahman Mapag Tekane Puwasa

Ana bain cara hang dienggo mapag tekane ulan Ramadan taun iki, sing ketinggalan Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi nggawe tagline Mapag Poso, taun iki megiyet bareng ambi DOD BKPRMI liwat lembagane LKM BKPRMI Banyuwangi nganakaken Pemeriksaan Kesehatan Gratis. Kegiyatan iki ngelibataken tim LKM BKPRMI Banyuwangi kelawan ngedhunaken lima tenaga medis lan lima peraktisi akupuntur.
“Kene kabeh milu girang merga Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi milu aktip ring iwuh baksos pengobatan gratis lan nggandheng BKPRMI Banyuwangi,” ujare H. Mujiono minangka ketua DOD BKPRMI Banyuwangi periode 2025-2030.
“Ring sela-selane pengobatan gratis, kene uga ngelayani konsultasi bisnis,” tambahe.
“Insyaallah kegiyatan baksos iki hing mandheg sampek gadug kene bain, naming terus bisa dianakaken kelawan ajeg, embuh arupa paran bain mbisuke. Hang jelas kita dadekaken masjid dadi sumber kemaslahatan ummat lan dakwah njejegaken sariat agama lan kehidupan sosial masarakat hang beradab lan berbudaya,” jelase Haikal Kafili minangka sekretaris takmir.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor