Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 17 Desember 2023 05:49 WIB)
Mayo Ngaji lan Sepi Ati , Batakane Endi?
MAYO NGAJI
Melik melik katon siji
Diuber paran karepe
Magih cilik diwulang ngaji
Mbesuk gedhi aji uripe
Nganggo kelambi dipelentreng
Melaku-melaku puter kayun
Ayo ngaji hang patheng
Mbesuk gedhi makene sing getun
Isuk-isuk tuku ketan
Ambi lungguh ngombe kopi
Ngaji iku kewajiban
Lanang wadon kudu ngelakoni
Tuku gabah sing mung siji
Diuwot cikar magih lega
Wong ngambah dalane ngaji
Digampangaken liwat dalane suwarga
Nonton gandrung ampyak-ampyakan
Gendhinge aja cilik ati
Ulihe ngaji sampek kapan
Sakat cilik temeka pati
Parine wis melecuti
Manuke sak arat-arat
Aja males ulihe ngaji
Makene selamet donya aherat
Kari enak ulihe turu
Diajak ngomong celamutan
Wuruk ngaji kudu ring guru
Sinau dhewek gurune setan
SEPI ATI
Ana tah angin hang liwat
Sun arep cerita lan sambat
Ulan andhung andhung sing gawe gundha latar
Sunare ilang byar semebyar
Tembang lan gendhing
Kembang gula kegawa angin garing
Kelonana mantra hang pungkasan
Sabuk mangir singset ring petilasan
Kadhung pancen rumangsa
Gelepung sawi hang dadi cerita
Cumpune cengkir kelapa cilik
Janji mungkir sing ana balik
Jae wana ngarep tetese udan
Nelangsa nyandhing belimbing bumi
Oyang ati kaya wong edan
Nelangsa nanggung susahe ati
Sawangen serngenge wis melecir
Nyepuh tanah segara hang ngerandhu
Sing bakal ilang ulihe lsun ngesir
Sepi ati wis kadhung kepilu
BWI, 27 Agustus 2020
BATEKAN
Dhik ayo Dhik Rika meriniya
Eh ana paran Kang Rika kari maksa
Ayo batekan Dhik timbang rasan-rasan
Gancang ngomonga Kang batekane paran
Dicokot nyokot Dhik paran batekane
Kari muyab Kang Rika pitakone
Sing paran-paran Dhik iki mung batekan
Dicokot nyokot Kang lobok pedhes temenan
Ditekek nguyuhi Dhik paran arane
Takonan Rika Kang kari nyukeri
Isun mung takon Dhik paran batekane
Kendhi diuyub Kang cangkem diuyuhi
Melebu kenceng Dhik metune lemes
Pikiran Rika Kang aja kari ngeres
Isun sing ngeres Dhik gancang dibales
Wong mangan tebu Kang Rika kari ndhedhes
Ayo dibatek Dhik dicokot ngidoni
Takonan Rika Kang ngelik-ngelik ati
Ayo jawaben Dhik aja kepelayon
Enak rasane Kang iku jajan kelepon
Melebu miring Dhik metu uga miring
Suwi-suwi Kang Rika kaya wong sinting
Ayo jawaben Dhik Rika aja muring
Iku gampang Kang ya arane kancing
Lirix Al Harir
23 Januari 2023
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)