Mborong Welijaan

NURHARIRI (dipublikasikan pada Senin, 07 Februari 2022 09:29 WIB)
- Laporan



Adheme hawa magih nyelimuti awak, serngenge magih durung rantag, mari sembayang Subuh, Pengurus UPZIS NU Ranting Singotrunan, Pengurus NU ranting Singotrunan uga banom-banome kaya Muslimat NU, Fatayat NU, GP ANSOR lan BANSER, uga sing ketinggalan IPNU-IPPNU pisan, ring dina Selasa tanggal 1 Pebruari 2022 wis siyap-siyap mapag tekane wong welijaan hang nggawa sepidhah montor kanggo mborong dodolane, aju diedum ring wong-wong hang mbutuhaken.

Dina iku ana petang welijaan hang diborong, hang nganggo sepedha montor ana loro, hang manggon ring umahe uga ana loro, kelawan total paket hang diborong ana 70 bungkus. Saben-saben bungkus regane selawe ewu, hang isine ana daging pitik, rambanan, lenga goreng, tahu, tempe lan ragi pawon. Bungkusan-bungkusan iku disebar ring Singotrunan Kidul ana 25 bungkus, Singotrunan tengah (Tangkong) ana 25 bungkus, Singotrunan Elor (Karang Agung) ana 20 bungkus. Acara iki dianakaken kanggo mengeti Dina dadine NU hang kaping 96 tanggal 31 Januari 2022, kelawan motto hang dienggo "Mborong Welijaan" hang karepe kaya pribahasa Indonesia, “ Sambil menyelam minum air”, dadi siji acara, bisa nguntungena wong welijahan kerana dodolane diborong lan nyenengena wong-wong hang mbutuhaken kaya wong duapa lan randha-randha tuwek lan pengurus NU lan banom-banome bisa ngelayani umat.

Jare Ketua UPZIS NU Ranting Singotrunan, hang akrab disapa Kang Usuf gok "Bantuan iki teka warga NU hang saben ulan nabung ring Kotak Infaq (KOIN NU) ring umahe dhewek-dhewek, aju dijuwut lan dikumpulena ambi petugas yaiku Thulik lan Jebeng IPNU-IPPNU. Picis teka masyarakat iki balike ya kanggo masarakat, kaya acara ring dina iki."

Sakwetara iku Ketua NU Ranting Singotrunan Kang Nurhariri  ngomong ring pengurus NU lan banom-banome hang padha kumpul ring isuk iku ngejak "ngurip-urip NU, aja ngolet urip ring NU. Ngurusi NU lan banom-banome iku kudu siyap korban waktu, tenaga lan bandha, aja ngarep-arep ulih asil teka NU, mung ngarep-arep redane Gusti Allah, lan janjine Pendiri NU yaiku KH. Hasyim Asy’ari hang ngomong,” Sapa-sapane wong hang gelem ngurusi NU, mangka sunanggep santrinisun lan sundongakaken iyane lan keluwargane mati Husnul khatimah”. Aamiin yaa Robbal alamiin”.

Ring dina kaping pindho, Rebo tanggal 2 Pebruari 2022, welija hang diborong ana 50 bungkus. Bungkusan-bungkusan iku diedumena ring wong-wong hang dina kawitan sing uman. “Alhamdulillah rongdina iki acara Mborong Welijaan bisa nggawe pirang-pirang uwong bisa munyik, bisa ngedum 120 bungkus welijahan. Panitia sadhar sing bisa nggawe kabeh uwong puwas, akehe bungkusan sing sepira, lan isine uga sing sepira, taping sak using-usinge bisa nulung wong liya, lan ana rasa perduli ring sepadha-padha," kaya iku hang diucapaken ketua NU Ranting Singotrunan mungkasi acara Mborong Welijahan UPZIS NU Ranting Singotrunan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor