Memengan nyang Perpustakaan Wayah Hari Anak Nasional
Nur Holipah (dipublikasikan pada Jumat, 24 Juli 2026 07:08 WIB)
- Laporan
Ring ngarep Kantor Pos akeh wong gendhingan. Ring Gedung Juang ana pameran. Ring Perpustakaan ana paran? Ana lare memengan!
Gedigu kira-kira kahanane, sore Kemis 23 Juli 2026 nepaki mengeti Hari Anak Nasional. Kementerian Pemberdayaan Perempuan dan Perlindungan Anak (Kemen PPPA) netepaken gok taun iki tema utamane "Sayang Anak, Lindungi dan Bangun Masa Depan".
Ketepakan, lalare SMP Negeri 1 Banyuwangi kang milu sanja nyang Dispussip mula wis ulih undhangan dadi peserta SERUNI WANGI (Sepekan Literasi Unik dan Inspiratif Banyuwangi) sakdurunge. Kaya nemu ndaru, wayah weruh materine bab Basa Using. Merga Basa Using hing diwulangaken nong kabeh SMP, kelebu SMP Negeri 1 Banyuwangi.
Rudy Tjahjono Rijanto (tim MGMP Basa Using) kang ngawiti pegiyetan kelawan basanan, takon: "Paran kang nggarahi sira mongkog teka Banyuwangi iki?" Aju Julian Artanti hang lungguh mburi dhewek semaur gancang, "Alam lan budhayane kang maneka kelir..."
Lalare liyane uga milu semaur emong kelalen. "Kuliner!"
"Sega tempong!"
Kabeh jawabane lalare iku bener kabeh, sing ana kang disalahaken. Mula kadhung dandan geni dak kepingin geni gelis barak ya kudu disumet urub-uruban sulung. Semunu uga wong arep sinau, kudu dikawiti pitakonan kang bisa nggarahi uwong 'mikir sulung'. Nong teori pembelajaran jare arane 'pemantik'.
Lalare aju didadedaken limang kelompok lan diuweni kartu kang bungkuse kelir ijo pupus.
Quartets Game cara Banyuwangen hang isine kartu-kartu ana gambare. Ana gambare macem upacara adhat, maceme panganan, maceme kesenian, maceme janganan, maceme kewan, panggonan bersejarah, sampek panggonan ngelencer kang kesuwur nong Banyuwangi.
Kelendi cara mengane?
1. Kartu diuncut sulung aju didumaken sak kelompok. Saben pemain ulih 4 kartu lan karine kartu diendoh entengah.
2. Pemain kang nomer siji, njaluk 1 kartu nyang musuhe, kelawan nyebut paran aran kartune lan paran kang dijaluk.
3. Kadhung musuhe kang dijaluki kartu mauka duwe persis kaya kang diteges, kudu lila ngelungaken.
4. Upamane sing ana pemain kang njaluk kartu, ulih ngombe (ndudut kartu kang ring tengah mauka).
5. Kadhung pemain wis nyekel saben seri kartu akehe 4 (seri kang padha) tengere pemain iku menang, merga wis jangkep.

Iya! Kang digoleti, akeh-akehan. Sapa kang ngelumpukaken seri kartu paling akeh, yaiku kang menang.
Saben lare sasate kencal lan surak wayah bisa ngulihaken lan njangkepi kartu kang dicekel.
Kang sing dishadari: setemene lalare iki wis memengan tanpa ana serintungan, jare wong penter jaman saiki arane distraksi. Sing ana kang gandholan HP merga kabeh gemelethak. Temune, lalare iki mau setemene memengan taping ya latihan fokus lan kosentrasi. Sing ana kang meneng-menengan, merga kabeh kudu pating takon-takonan nyang kancane. Sing ana kang mbethuthur, merga kabeh atine girang. Tambah-tambah, aju ulih hadhiyah!
Hing mung memengan Kuartet, lalare uga praktik Nulis cara Using kang bener miturut ejaan kang bengene wis diwuruki nong SD.
Lalare disetelaken gendhing lawas, aju nulis nyang kertas sak perungone. Sak uwise nulis, aju didelengaken nyang pidhio hang wis ana tulisan lirik gendhinge.
"Dilengen sulung, acake ambi mbecikaken endi kang luput?" perintahe Yeti Chotimah.
Sakkal bain Qonita Ruby Humaira kang bengen SDne tau ulih Juara I Nulis Cerpen ngacung. Ruby aju diuweni mik dikon maju mengarep mesisan nduding endi bain kang luput. Sing maido, lalare iki wis tau diuruki cara nulis Using kang bener pedhomane nganggo Ejaan ruwahe Hasan Ali kang uga nyusun Kamus Basa Using. Yong pas SD, Basa Using ya diwulangaken ring kelas papat sampek enem.
"Kang luput koyo koco kudune kaya kaca. Podho teko kudune padha teka.." gedigu abane Ruby ditambahi surak lan keplok teka kanca-kancane.
Teka telulikur, dipilih endi kertas kang lupute mung sithik. Ulih hadhiyah maning!


Kang paling pungkasan, Sufyan Syah nguweni materi bab Maca Geguritan. Ana Elfrida Juwan lan Akilah Bilah ketiban sampur maju mengarep nyacak maca gurit.
Yeti Chotimah uga nambahaken, gok endhep dhuwure suwara wayah maca gurit iku bisa nggawe kang ngerungokaken kegawa nyang interpretasi lan rasa kang bidha.
Mandanea tah, Basa Using diulangaken nong SMP! Alihe wayah SD dadi mata pelajaran, apuwa tah sing ditutugaken nyang SMP-SMA?
Kaya ladhing kang mandheg sing tau diesah, bisa geblug. Kelendi gena landhep? Ya mula kudu parek nyang ongkal yara?
Teka SERUNI WANGI, nduduhaken gok sinau hing mung ana ring jero kelas. Sepisan-pisan kudu ambi memengan. Bisa-bisa kurangan merga wayah pungkas kegiyatan, lalare magih njaluk imbuh.
"Pak, mesisan sampek jam 1 bain yara wih!" gedigu abane Damar Putra Cahyadi nyang para fasilitator aju dipapag surake kanca-kancane merga padha penjalukane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Werta
Editor: Antariksawan Jusuf