Meras Peras ring Sonjo Bareng Keboan Aliyan 2025
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 30 Juni 2025 06:54 WIB)
- Laporan
Anggere melebu ring ulan Sura antarane tanggal siji sampek tanggal 10 Sura wis dipasthekaken dianakaken ritual adat keboan ring Desa Aliyan Kecamatan Rogojampi Banyuwangi. Taun iki dianakaken tepak dina Ahad tanggal 29 Juni 2025.
Naming sing mung arak-arakan lan ider bumi ring dina Ahad iku, sakdurunge wis dikawiti ambi Promosi UMKM Desa Aliyan lan kabeh reroncean acara Keboan Aliyan 2025 ring dina Jemuah, 27 Juni 2025. Aju diterusaken ambi Pagelaran Jaranan Sarif Wongso Kenongo, salah sijine kesenian jaranan hang teka desa Aliyan dhewek.
Dina Sabtu, 28 Juni jam 19.00 sampek jam 23.00 dianakaken Opening Sonjo Bareng ring lapangan desa Aliyan hang ditekani undangan uga karang taruna teka desa-desa sak Banyuwangi. Pancen sing salah kadhung acara Sonjo Bareng iki teka kerentege pemuda desa Aliyan hang nerusaken adat sanja hang wis ana mangmulane.
Nurut Kepala Desa Aliyan Agus Nurbani Yusuf ana ring pidatone nerangaken Sonjo Bareng iki dikarepaken dadi panggonan nyambung seduluran ngeraketaken kekancaan. Ring bengi sakdurunge ritual adat Keboan pemuda desa Aliyan iki guyub nganakaken acara arupa gelar kesenian hang dipiloni warga Masyarakat Aliyan kayadene, Sanggar Sayu Wiwit Aliyan, komunitas Munsing, lan uga pemuda teka dusun-dusun hang ana ring desa Aliyan.
Mesthine iki dadi adat hang apik hang bisa terus dianakaken merga ana ring acara Sonjo Bareng iku kabeh pembawa acara lan uga sambutan Kepala Desa nganggo basa using. Nurut salah sijine Mahasiswa STKW Surabaya hang nekani ring kana, iyane seru dhemene merga buru iki iyane weruh dhung ritual adat keboan iki uga akeh prosesi hang dianakaken sakdurunge rtual adate arak-arakan lan ider bumi.
Sakliyane iku mesthi bain magih ana UMKM desa Aliyan hang nggelar kulineran teradhisional hang ana ring iringane genjot mujur ngalor-ngidul madep nyang penonton pentas Sonjo Bareng Keboan Aliyan. Kulineran hang wis dikenal masarakat iki arane Pasar Iyen, hang artine pasar isun. Ring kana Masarakat desa Aliyan liwat UMKM bisa nggelar dodolan sing mung panganan lan umben-umbenan bain naming ana uga wong-wong hang dodolan memenganan lan asesoris keboan.
Dina hang dianti-anti mesthine dina Ahad, 29 Juni 2025 acarane selametan Bersih Desa ring dalan-dalan Desa Aliyan lan ritual adat keboan arak-arakan lan ider bumi. Jam pitu kurang limalas menit Sedekah Desa utawa selametan desa dilakoni. Suwarane sepeker teka masjid mimpin kawitane selametan. Kabeh Masarakat Aliyan padha ana ring pinggir dalan sakperlu ancak-ancakan mangan bareng sakmarine didongani teka masjid.
Isuk jam 06.00 Kebo-kebo wis padha ndadi mara nyang umahe Pawang (Ketua Adat). Sedhela ana ring kana kanggone mara nyang sanggar pamujan keboan aju padha diarak nuju nyang perapatan. Ring umahe ketua adat wis dicepaki uba rampe hang jangkep kaya dene janur, sanggar pamujan, para bungkil lan sekul arum (menyan) uga sing lali para bungkil sajen jangkep. Anane sajen hang ana ring sanggah mauka sakdurunge wis diterangaken paran bain anane lan saranane ana ring acara Sonjo Bareng Keboan hang nggowo tema yaiku Meras Peras Keboan Aliyan 2025.
Ritual adat iki wis rong taun bisa manggon ana ring lapangan Aliyan hang sakdurunge manggon ana ring Balai Desa Aliyan. Acara gelar ritual adat iki arep ditekani Bupati Banyuwangi lan jajarane uga Kepala Dinas Pariwisata Banyuwangi manggon ana ring lapangan lan dipungkasi ana ring lapangan. Keboan hang mari ider bumi kudu melebu Nyang lapangan Aliyan merga ring kana wis dicepaki guyangan lan sesuguhan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf







