Merga Pageblug, Tukang Omprok Dandange Miring

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 21 April 2020 09:59 WIB)
- Laporan



Perajin omprok lan basahan gandrung sambat ngadhepi pagebluk virus corona ring ulan-ulan iki. Kabeh hang pesen kelambine gandrung iku padha diwurungaken. Sing ana pegaweyan lan sing ana asil kanggo mangan saben dina.

Anton Widiantoro salah sijine perajin basahan teka desa Tampo kecamatan Cluring ngomong dhung ulan-ulan iki pesenan basahan sing ana hang mara. Masiya gediku iyane sing mung meneng nganteni pesenan teka. Iyane nerusaken pegaweyan lawas hang magih durung kecandhak ambi nganteni pesenan anyar hang mung arang kadhang iku.

Minangka perajin basahan, Anton setemene nerusaken pegaweyane bapake bengen. Itung-itung nambahi pengasilan. Sing cukup kadhung mung nganteni bayaran teka GTT (Guru Tidak Tetap) hang mung RP. 200.000  sak ulan iku. Gediku Anton hang mung dadi guru bantu ring TK Dharma Wanita 4 Tampo nyeritakaken.

Bengen magih durung ana kedadeyan virus corona iki sakulan iyane lan tukang-tukange bisa nggarap 10 basahan. Sak basahan regane Rp. 700.000, dipotong monte rega Rp. 1.000.00, wis katon ulihe dondom-dondom bisa diedum ambi dulur-dulur lan tangga hang milu nulungi, jare Anton nyeritakaken pegaweyan bengene.

Anton hang uga megawe ambi wong-wong sakubengan desane iki ngaku nggawe basahan gandrung iki bisa nyukupi kebutuhan uripe iyane ambi dulur lan tanggan-tanggane hang milu cawe-cawe nulungi. Panen bener tangga-tanggane  lan dulur-dulurane Anton milu megawe ana ring umahe.

Sakliyane Anton, Rohili hang uga tukang omprok lan basahan gandrung hang manggon ana ring  Bangunrejo Alasmalang iki uga sambat merga pesenan omprok lan basahan hang sak durunge akeh saiki wis sod. Iki pegaweyan mung nerusaken pesenan hang saban-sabane. Pesenan anyar durung ana, jare Rohili ambi ndondomi omprok nerusaken pesenan lawas.

Pesenan anyar durung ana hang teka siji-sijiya. Hang iki omprok lan basahan durung dijumput lan durung dilunasi merga proyek diwurungaken. Gediku Rohili hang uga seniman iki nyeritakaken.

Rohili lan Suharyati tukang omprok Singojuruh iki uga ngaku sing bisa ulih pegaweyan sikutan liyane merga tanggapan janger, ogoh-ogoh sunat, lan tanggapan jaranan kabeh sing ulih dianakaken maning. Kabeh tanggapan diwurungaken, paran maning sak kabehane festival lan pentas seni ring Banyuwangi uga wurung., nana tambah kemureb pengaron nong pawon, sing bisa adang, Suharyati hang uga rabine Rohili iki nerusaken sambatane.

Rohili lan Suharyati hang uga seniman janger lan ogoh-ogoh Restu Kencana iki  saiki mung bisa meneng ana ring umah. Kanggo urip saban-dina magih bisa utang-utang dienggo nambeli kebutuhane. Emane magih akeh tangga, dulur, lan kanca hang magih percaya disilihi picis. Umpamane iki ana bantuwan teka desa utawa pemerintah kabupaten kanggo para seniman hang keneng dampak langsung  pantese seru apike, gediku Rohili ambi Suharyati nambahi ceritane.

Muga-muga bain pagebluk corona iki gelis uwal lan oncat teka bumi iki, makne penguripan iki gancang balik maning kaya asal, dongane Anton lan Rohili ngadhepi mangsa virus corona. Amin.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Antariksawan Jusuf