Nadhiva: Cerpenis hang Nggarap Ekofeminisme
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 01 November 2024 07:02 WIB)
- Laporan
Nadhiva Rahmadania Putri arane lare hang magih lungguh ana ring kelas 9C sekolah ring SMPN 2 Banyuwangi iki. Katon bungah atine merga ana ring acara Penutupan Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu Propinsi Jawa Timur, 21-25 Oktober 2024 hang dianakaken ring Hotel Swiss-Belinn Manyar Surabaya diweni kesempatan ngisi acarane. Mesthine iki dadi mongkoge ati merga sing kabeh peserta bisa tampil nduduhaken karya cerita cendheke nong ngarepe peserta, narasumber, pendhamping lan panitiya hang milu ring kegiyatan iku.
Cerpene Nadhiva hang judhule “Emak lan Apakisun Edan” diwacakaken ring penutupan acarane mergane cerpene Dhiva hang digawa ring acara Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu iki kelebu cerpen hang apik merga nggawa lakon babakan “ketertindhasan perempuan dan alamnya dalam lingkup budayanya sendiri”, utawa ring istilahe iki “ekofeminisme” gedigu keterangan Bu Dr. Made Oktavia Vidiyanti hang dadi salah sijine panitiya lan uga staf peneliti ring Balai Bahasa Jawa Timur.
Lare wadon hang manggon ring Banyuwangi kutha iki magih cilik tapi wis duwe kepedulian nyang lingkungan lan wong-wong wadon hang tertindas, hang iku kabeh dinyatakaken ring sakjerone cerita cendheke. Kadhung ulih bimbingan lan arahan hang bener bisa uga ring mengarepe lare iki dadi aktifis lingkungan, gedigu Bu Okta nerusaken ceritane.
Perawan cilik kelairan Banyuwangi 11 September 2009 hang eseme manis iki duwe bakat nulis cerita cendhek sakat magih sekolah ring SD, gedigu keterangane Tjahjono Rudi Rijanto, S.Sos, hang dadi pendhampinge ning Kemah Cerpen hang dianakaken Balai Bahasa Jawa Timur minangka dadi kegiyatan terusan teka Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) 2023 taun sore. Iyane duwe cita-cita bisa nggawe novel utawa kumpulan cerpen dhewek sing mung bareng-bareng.
“Emak lan Bapakisun Edan” cerita cendheke Dhiva hang ngelakokaken anane emak lan bapake iki nyeritakaken kelendi wong tuweke hang dipaido tanggane merga duwe kebiyasaan rijig-rijig nong umahe. Wong tuweke utamane emake dipaido tanggane merga iyane sampek lali nyang awake merga patheng rijig-rijig, sampek-sampek diarani edan. Cumpune tepak udan teka, tanggane hang maido lan sing gelem rijig-rijig keneng banjir teka kali hang belabur parek umahe, merga umahe sing dirijigi.
Sakliyane duwe bakat nulis, Nadhiva uga dhemen miloni kegiyatan ring sekolahan yaiku kegiyatan PMR, gedigu keterangane Pak Rudi maning.
Dhiva lan kanca-kancane hang ulih kesempatan milu Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu Propinsi Jawa Timur, 21-25 Oktober 2024 bisa bungah atine maning merga asile nulis ring kene arep didadekaken buku lan diterbitaken ambi Balai Bahasa Jawa Timur lan didadekaken bahan ajar ring kabeh sekolahan-sekolahan sak-Indonesia, gedigu keterangane Dr. Umi Kulsum, M. Hum, kepala BBJT.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kemah cerpen BBJT
Editor: Hani Z. Noor







