Narasi Babad Desa Purwoharjo
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 Juli 2026 00:29 WIB)
- Opini
Ditulis ring M.H. Aji Ramawidi
A. ARYO BUNUT LAN PRABU TAWANGALUN 1652
Ring dusun Krajan Purwoharjo ana Punden Desa hang arupa Makam/Petilasan Arya Bunut, salah siji tokoh hang kesuwur ring jamane, naming saiki wis hing patiya.
Ring Babad Tawangalun, iyane kesebut minangka salah siji Andul-anduling Negara Balambangan, Senapati hang ngepalai pitung ewu pasukan.
Iyane uga salah siji wong kepercayaane Prabu Tawangalun ring kedhaton Macanputih.
Ki Arya Bunut ulih tanah lungguh ring wilayah Bunut, hang saiki dadi dusun Krajan Purwoharjo.
B. DESA BUNUT SAKUWISE PERANG BAYU 1771
Taun 1767, VOC-Landa teka nguwasai Belambangan. Perang kelakon terus sampek pungkasane bisa diendheg ring Perang Bayu taun 1771 lan perang-perang liyane sampek taun 1777.
Ring mangsa iku desa-desa lawas dikarang abang, rata ambi lemah. Desa Bunut aju balik dadi alas maning, yaiku Alas Pekotekan lan Alas Djoedang.
Akeh uwong hang nemoni pesthine ring perang iku. Akibate akeh desa hang kelangan wargane, lan pemerentah kolonial VOC-Landa nggawa wong anyar dienggo manggoni tanah-tanah kosong mau.
C. TEKANE PENDHUDHUK ANYAR
Arus pindhahe pendhudhuk saya gemerudug nalika kebijakan cultuurstelsel (Sistem Tanam Paksa) dietokaken ring Gubernur Jenderal Hindia Belanda, Johannes van den Bosch, taun 1830. Akeh uwong digawa kanggo mbabat alas mbukak perkebunan-perkebunan ring Banyuwangi.
Antarane hang teka yaiku sak keluwarga teka Karesidenan Kediri, percise teka Srengat-Blitar hang dipimpin ring Marto Sentono (Mbah Sekak). Kawitan manggon ring desa Kradenan lan ulih tanah rabasan ring Alas Pekotekan lan Alas Djoedang, ring kidule Kali Setail.
Sakuwise akeh wong hang manggon ring kebonan kidule Kali Setail, aju dadi perkampungan cilik lan perlu ana kepala kampung kanggo mimpin.
D. MARTO SENTONO, LURAH KAWITAN PURWOHARJO
Ring dina Rebo Pahing tanggal 2 Juli 1890, Marto Sentono dikongkon dadi kepala kampung ring kidule Kali Setail ring pemerintah kolonial Landa. Kampung anyar hang dipimpin diarani Purwoharjo.
Marto Sentono alias Mbah Sekak njabat suwine 43 taun (1890-1933). Iyane diwani umur rada dawa , kurang lebih 90an taun, lan sampek umur tanggal 14 Januari 1968. Iyane dipetek ring pemakaman umum dusun Curahpecak-Purwoharjo.
E. ASAL-USUL ARAN PURWOHARJO
Aran desa Purwoharjo sing bisa dipisahaken ambi anane Alas Purwo. Bengen Alas Purwo tepak magih wutuh kelebu sakabehe wilayah ring kidule Kali Setail.
Ucap Purwa/Purwo ring Basa Jawa artine kawitan utawa uga bisa tegese wetan. Alas Purwo dipercaya dadi panggonan kawitan njumbule daratan ring Pulo Jawa.
Dene ucap Harjo/Harja asale saka Raharja hang artine makmur, sejahtera, utawa selamet.
Gabungan ucap Purwa/Purwo + Harja/Harjo (Purwa hang Raharja) artine “wilayah Alas Purwo” hang makmur lan sejahtera. Mula para pepunden hang ngedegaken desa Purwoharjo seperono ngewani aran gedigu, ngemu karep desane dadi desa hang makmur lan sejahtera.
F. PURWOHARJO SAIKI
Kepemimpinan desa Purwoharjo wis gentan-gentun diamanataken nyang:
1. Marto Sentono/Mbah Sekak (1890-1933)
2. Pudjo Sudarmo/Mbah Darmo (1933-1965)
3. Soemarto Hadi/Mbah Tambar (1965-1989)
4. Soenarman (1989-1999)
5. Slamet Kusdiarto (2001-2009)
6. Edy Imam Supeno (2010-2015)
7. Fausi Amurulloh (2017-2023) lan (2023-saiki)
Tepak dipimpin Bapak Fausi Amurulloh saiki, Purwoharjo terus mbangun makene dadi saya apik maning lan merga milu nggayuh cita-citane para leluhur hang ngedegaken desa bengen, yaiku nggawe desa Purwoharjo hang makmur lan sejahtera.
Milu ngucapaken selamet ring dina dadine kang kaping 136 taun desa Purwoharjo!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.