Ndata Korban Covid-19, Nemu Umah Rubuh Perlu Bantuwan
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 11 Mei 2020 08:29 WIB)
- Laporan
Tujuane lare-lare Komunitas Etalase Banyuwangi teka nyang Pakis Rowo, Kelurahan Pakis Kecamatan Kota sak perlu ndata akehe korban terdampak pageblug Covid-19. Naming cumpu nemokaken umah rubuh keterak angin, duwene Mbah Sunarti. Arepe nulungi sakkal ya sing bisa, magih ana tugas liya. Lare-lare mung nutupi terpal kanggo ngiyup Mbak Sunarti sakwetara sak durunge umahe bisa ngadeg jejeg.
“Marek urusan pendataan, lare-lare aju ngurus hak-hake Mbak Sunarti nawi bisa gage ulih bantuwan teka Pemerintah. Lare-lare buru ngerti, kadhung Mbah Sunarti umahe numpang nyang pekarangane wong liya. Alar, kadhung arep ulih bantuwan teka Pemerintah tanahe sing ulih numpang," gedigu jelase Novan nyeritakaken mula kawite nulungi Mbah Sunarti.
Serta weruh kahanan saktemene, masiya hang duwe pekarangan wis sangguh tanda tangan kadhung ana bantuan, naming RT-ne salah paham, merga rumongso sing lapuri. Pungkasane lare-lare Etalase ubet dhewek nggolet bantuwan liyane, merga kepingin gage nulung Mbak Sunarti. Tekade mung siji, kelendi carane umahe Mbah Sunarti bisa ngadeg maning lan lebih kukuh mane sing gampang keterak angin.
“Lare-lare aju koordinasi ambi Kecamatan, Kelurahan lan para Dermawan, tenaga kanggo mbangun wis siyap teka lare-lare dhewek. Aju ulih bantuwan swadaya teka anggota lan toko bangunan. Bismillah, holopis kuntul baris aju ngadeg maning umahe Mbah Sunarti," jare Novian Ketua Etalase Banyuwangi katon seneng atine.
Kegiayatan iki nduduhaken kadhung wis duwe jiwa nulung, arep kelendi bain atine mesti kudu ngelakoni. Masiya nemu masalah, kadhung gage ditandangi lan dipilah-pilah masalahe mesti ana dalan metune. “Mangkane Isun seneng seru ambi lare-lare Etalase, masiya tujuwan kawitan ndata korban terdampak Covid-19, naming ana masalah hang butuh bantuwan gage dibantu sak geredegan wis mari," gedigu ujare Camat Kota Banyuwangi, Moch. Lutfi hang uga pembina Etalase Banyuwangi.
Lutfi ngakoni, bantuan resmi teka pemerintah sing bisa melebu nyang Mbah Sunarti, masiya duwe Kartu Sehat dan Kartu Keluarga Sejahtera, merga syarat hang dibutuhaken legalitas tanah utawa panggonan hang diedegi umah mau. Masiya Dana APBD teka Kabupaten Banyuwangi, uga dana teka Bazis, mbutuhaken lilane hang duwe tanah mau kanggo tandha tanggan surat.
“Alhamdulillah, lare-lare sing kentekan akal. Aju bareng-bareng ngelumpukaken dana masyarakat. Paran maning iki ulan puwasa, lare-lare tetep murub tekade mbantu wong liya. Iku hang nggarahi Isun seneng, temekaken kadhung jiwane arep nulung, sing keneng diwatesi wayah lan pelanggeran liyane. Buktine, masiya hang duwe tanah hang dinunuti sing gelem tanda tangan kadhung ana bantuwan, liwat dalan liya bantuwan iku mbanyu mili," pungkase Lutfi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








