Ndongeng Bida ambi Monolog
Istipadah (dipublikasikan pada Kamis, 06 November 2025 05:57 WIB)
- Laporan
Ndongeng Bida Ambi Monolog
Cabang lomba Ndongeng ring Festival Literasi Using tahun iki dipiloni 22 peserta. Unda-undi ambi tahun 2024, ana 3 kecamatan kang sing milu. Peserta nggawa property bida-bida nyocogaken isi ceritane kaya anak-anakan (boneka), tongkat, lan topeng. Ndongengaken macem-macem cerita arupa legendha, cerita rakyat, utawa cerita sedinane. Naming tetep nyelempitaken tema salah siji utawa lebih, teka pitu pekulinan lare Indonesia hebat lan ana basanan kang madhakaken ring isi dongeng.
Telung juri yaiku Slamet Supriyadi alias Kang Penyet (Maestro Ndongeng ring Revitalisasi Bahasa Using), Faisal Lutfy Ende Riza, lan Agus Rahmatullah teka DKB mentelengi siji-siji peserta kang tampil. Ngeliwati rembug dawa, ketemu juwarane, yaiku:
Juwara 1 Novi Jasmin Al Marista SDN 2 Sumberagung kec. Pesanggaran
Juwara 2 Adini Nasha SDN 3 Macanputih kec. Kabat
Juwara 3 Aysha Ayudia Adeeva SDN Model kec. Banyuwangi
Juwara 4 Ratu Wikrama Wardhani SDN 1 Sukonatar kec. Srono
Juwara 5 Rati Nur Khalifah SDN 2 Aliyan Rogojampi
Nyatane kang juwara 1 sing teka lare kang sing biyasah ngomong basa Using. Iku mbuktikaken kabeh duwe peluwang kang padha ulih juwara, kang penting ngerti kelendi tehnik lan cara ndongeng kang bener. Merga tampilan kang katon apik meranaken macem-macem lakon ring siji cerita lan propertine kumplit durung karuwan kelebu kriteria dongeng.
“Masiya padha-padha seni pertunjukan naming kudu bisa mbidakaken antarane dongeng lan monolog. Yaiku bidane ana ring cara ngungkapaken (mengekspresikan) cerita lan teknik bloking ring ndhuwur panggung. Kadhung monolog iku sipate mujudaken cerita dhewek sing kathik interaksi ambi penonton, bebas tingkah-tingkah lan madhep merana merene kaya drama kang sempurna meranaken saben lakon. Naming ring dongeng iku tujuane mbangun karakter, kudu ana interaksi lan kemunikasi ambi penonton, masiya tingkah-tingkah naming posisi kudu tetep madhep mengarep (posisi frontal),” jare Faisal Ende makili juri.
“Ndongeng bisa pisan ambi lungguh/lesehan bareng penonton ring pertunjukan. Bisa pisan ndongeng nganggo property kaya boneka kang dilakokaken deriji tangan utawa gambar. Kang penting wayah ganti adhegan peran utawa ganti properti, lare kang ndongeng kudu bisa ngatur kelendi carane emosi kang wis dirasakaken penonton iku aja sampe pedhot," tutuge seniman lulusan Institut Seni Indonesia (ISI) lan Akademi Seni Drama dan Film (ASDRAFI) iki.
Muga-muga anane evaluasi teka juri iki nambah ilmu anyar bab ndongeng lan taun ngarep kuwalitas dongeng ring Festival Literasi Using dadi saya apik.
Gulu tengeng turu kursi tengah wengi
Kursi miring ana ring umah mburi
Ndongeng salah siji literasi Banyuwangi
Muga Basa Using tetep lestari
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Istipadah
Editor: Antariksawan Jusuf




