Ngerandhu Buka ring Bedhag pinggir Lurung Sasak Tambong
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 27 Februari 2026 07:28 WIB)
- Laporan
Sakat sakdurunge melebu ulan Pasa, kerameyan nong Banyuwangi mangkat dipanggoni bedhag-bedhag kagetan. Bedhag-bedhag kagetan iki manggon ana ring pinggir lurung, perapatan lan kerameyan-kerameyan liyane, sakperlu dodolan woh-wohan hang paling digoleti ring ulan Pasa yaiku kerai, belewah (blewah), lan selo (labu kuning/waluh).
Woh-wohan iku mesthie arep diolah serbet. Serbet iku arupa ombenan kerai utawa belewah hang diserut dicampuri gula sithik (minuman kaya sirop manis). Serbet kerai/belewah biyasahe dienggo buka (takjil) sakdurunge mangan sega kanggone wong hang puwasa.
Serbet kerai, serbet belewah, lan jenang selo mesthine ombenan lan panganan hang has mung ana ring ulan Puwasa lan Lebaran kanggone wong Banyuwangi. Sing salah kadhung akeh wong dagang manpaataken wayah iki kanggo dodolan golet tambahan rejeki ring ulan ngarepaken Lebaran Sawal iki.
Pinggir lurung kidule Sasak Tambong Kabat hang dodolan kaya gediki akeh seru. Wetan lan kulon lurung saiki wis akeh bedhag-bedhag kagetan hang nggelar dagangan woh-wohan hang arep dienggo takjil. Hang nukoni akeh-akehe wong hang melaku ana ring dalan. Sing jelas wong-wong iku wong-wong hang kelenceran utawa wong-wong hang pancen neja nuju merana. Hang jelas akeh montor-montor mandheg serta weruh ana wong dodolan kerai lan belewah ana ring pinggir lurung. Hang paling digoleti wong hang mandheg ana ring kana mestine yaiku kerai. Wayah usum gediki regane kerai bisa antarane Rp. 4000 – Rp. 5000 sekilone. Kadhung saban-dinane paling mung Rp. 2000 – Rp. 3000 bain gediku ujare Dullah salah sijine wong hang duwe lapak ana ring kana.
Wulan salah sijine wong hang tuku kerai ring kana nerangaken kadhung tuku kerai ana ring kene lebih gampang merga sing kathik melebu nyang njero pasar lan sing bingung ana ring ngendi parkir montore.
Nur Holipah salah sijine ibu rumah tangga asal Giri nerangaken kadhung sing angel lan sing akeh bandha kanggo nggawe serbet kerai. Mung perlu gula bain, kanggo nambahi rasa manis. Setemene kadhung sing kathik gula, ya wis manis. Lan sing ana ukuran akehe tambahan gulane kudu sepira. Merga bisa nurut nyang 'selera'ne dhewek-dhewek.
Kerai utawa belewah kari disigar dadi loro. Wijine bisa dibuang utawa dikatutaken. Daging uwohe bisa diserut utawa disendoki bain. Andohen asil serutane ring jembung. Kari diuwuri gula ring dhuwure, aja lali digalo. Kadhung dhemen cemek-cemek, lan gulane magih keretes-keretes, mari digalo kari nambai es wungkul. Seger rasane diombe wayah buka.
Paran maning diandoh kulkas sulung ya keneng hang sing wani ngombe gula ulih tanpa gula digalo lan diendohi es wungkul sulung. Mergane serbet kerai bisa mbanyu kadhung digeningaken suwi. Lan ambune serbet kerai masiya wis gemet dientekaken, arume sing mari-mari, gediku Nur Holipah nambahi keterangane nyang repoter belambangan.com ana ring salah siji sekolaan negeri Banyuwangi panggonane iyane megawe saban dina.
Wong Banyuwangi pancen duwe panganan kulineran hang akeh maceme lan unik. Sing luput kadhung akeh wong jaba kutha pada kepingin teka nong Banyuwangi sakperlu niliki panganan lan ombenane hang sing ana ring panggonan liya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf