Ngetap Wulu Kanggo Festival Literasi Using 2025

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 09 Oktober 2025 07:23 WIB)
- Laporan



Ngetap Wulu Kanggo Festival Literasi Using SMP 2025

Lalare SMP sak Banyuwangi wis kudu siyap-siyap milu Lomba Festival Literasi Using 2025 hang arep digelar engko tanggal 1 Nopember. Dene daptare dibukak tanggal 8-26 Oktober.
   Nubengi MGMP Bahasa Using wis nggelar temu teknik hang dipiloni kira-kira 45 wong kelebu panitiya, juri, lan pembina utawa pendhamping sekolah negeri lan swasta.
   Festival Literasi Using wis dianakaken Dinas Pendidikan sakat 2021 minangka agenda taunan. Sakat telung taun kepungkur mata lomba ring Festival Literasi Using diselarasaken ambi isine Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) teka Badan Bahasa. Yaiku arupa pitung mata lomba 1. Nulis Aksara, 2. Nulis Cerita Cendhek, 3. Maca Gurit, 4. Nembang, 5. Ngewer, 6. Ndongeng lan 7. Pidhato.
   Temu Teknis nubengi minangka wadhah kanggo ngubar pemahaman, ngewani pitudhuh teknis kanggo masthekaken kabeh kegiyatan pestipale lancar lan miloni aturan hang dimupakati bareng-bareng.
    Kepala Bidang SMP Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, Didik Eko Wahyudi, S.Pd, ngewani apresiasi nang MGMP Bahasa Using merga mituhu nggelar kegiyatan iki.
   Pestipal iki minangka wujud nyata usaha nguri-uri basa dhaerah teka jalur pendidikan, jare Pak Didik.
  Ketua MGMP Bahasa Using SMP Yeti Chotimah ngomong gok pestipal iki hing mung sukur lomba naming bisa dadi wadhah lare-lare ndhemeni basa lan budaya Using minangka tetenger aseli masarakat Using.
   Seperene sakat limang taun kepungkur, Festival Literasi Using wis dadi wadhah kanggo lare SMP, hang teka sekolah negeri uga swasta, kanggo nduduhaken welase nang basa dhaerah. "Hang dierah dudu lombane naming nguri-uri tinggalan budaya Using", jare Yeti.

(Aguk WN)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor