Ngimpi Mupus Beraen Sagah ring Tingkat Nasional
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 Desember 2021 08:29 WIB)
- Laporan
"Kelendi wong liya gelem nganggo kelambine wong Banyuwangi kadhung wong Banyuwangine dhewek hing patiya ngereken. Impenisun, mbisuke wong Banyuwangi, wong njaba Banyuwangi milu mongkog nganggo kelambi adat Mupus Beraen."
Gedigu cita-citane Husna (IG-ne @husnaqueensyatila) tepak diejak gesah bab kelambi penganten Mupus Beraen hang digawa ring iwuh rong taun mengeti dina dadine Ikawangi Korwil Bekasi (Ikobe) ring Gasebo, Setu, Bekasi dina Minggu 19 Desember sore.
"Ceritane ana penganten sarimbit hang dadi raja lan ratu, ngateraken sega tumpeng nong iwuhe Ikobe," jare Husna hang ngampung lair ring Banyuwangi, desa Yosomulyo, kecamatan Gambiran Banyuwangi.
Sakat cilik wis digawa wong tuweke hang megawe ring Pertamina pindhah nong Balikpapan, sampek gedhi kuliyah ring Universitas Muhammadiyah Yogyakarta (UMY), Husna ngaku hing patiya lancar basa Using taping sembrani Tanah Kelairan hing keneng dipenggak tepak iyane dadi tukang paes kemanten. Paran maning salah siji dulure ngengetaken gok Banyuwangi nduwe kelambi lan paes adat dhewek arupa Mupus Beraen hang kudune bisa diangkat.
Kelambi adat Mupus Beraen hang digawa ring iwuh iku wernane dominan ijo, katon kemeromong dienggo lare lanang aran Lanjar lan lare wadon artis penyanyi Adiva (IG @tentangdiva), dadi rebutan wong-wong kanggo potrek bareng.
"Mupus Beraen duwe potensi diangkat lebih dhuwur panggonane, ring pentas nasional, kayadene kelambi Paes Ageng Yogya utawa Siger Sunda utawa kelambi adat Sumatera Barat," jare Husna, hang duwe aran Ita Husnati.
Hang nggarahi Mupus Beraen iki rada seret melakune, merga sewane larang, bisa tikel telu timbang nyewa kelambi adat Jawa. Nawi pisan merga durung akeh hang nganggo dadi hang nyewa kudu nanggung dhewek. Kadhung akeh hang nyewa yara nawi bisa lebih murah."
Carane nganggo kelambi adat ana pakeme hang sing bisa disalini karepe dhewek. Kudu urut lan miloni pakem, dadi sing gampang, jare Husna hang perlu wektu seminggu kanggo nyiyapaken kelambi pengantene iku.
"Iki wis kaya pegaweyan Lara Jonggrang, marek gesah ambi kang Nanang Bahtiar, ketua panitiyane bab konsep acara," jare Husna. Emane ana dulure ring Yosomulyo kana hang dadi tukang paes kemanten pisan. Dulure iki pisan hang milu nulungi nata gelungane kemanten Mupus Beraen ring Bekasi. Husna rada ngersula sithik merga iringan gendhinge tepak pengantene melaku nganggo Kebo Giro Jawa. "Mesthine bisa digoletaken gendhing tradhisional Banyuwangi hang nadhane hing cepet seru kaya Kuntulan."
Husna ngawiti pegaweyane ring Make Up Artist (MUA) tepak iyane magih mahasiswi ring jurusan Perbankan Syariah. Iyane tau menang lomba karya Ilmiah Mahasiswa sak Indonesia hang dianakaken ring Dirjen Pendidikan Tinggi, kelawan tulisan bab Laundry Syariah. Aju tepak dina nerima penghargaan, dikongkon nganggo kelambi husus, iyane nganggo kelambi Ulap Doyo arupa kain tenun suku Dayak. Teka kono iyane dadi perancang busana, aju suwi-suwi dadi MUA, kabeh mili dhewek kaya banyu.
Hang nggawe jengah, iyane tau nemoni penganten Banyuwangi nganggo adat Sunda mung merga ana artis Jakarta hang nganggo kelambi Sunda. Tepak ditakoni alasane, mung merga katon apik.
"Kadhung apike Mupus Beraen hing kalah ambi kelambi adat liyane kaya Jawa, Sunda, Padang. Taping ya kudu ana kerenteg masarakat Banyuwangi dhewek hang kepingin njejegaken adate. Apan dudu kene hang nguri-uri sapa maning," pungkase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







