Ngintep Barang Gaib ring Sekolah STKW Surabaya
Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Jumat, 17 Desember 2021 06:51 WIB)
- Laporan
Kaya dene perguruan tinggi seni liyane, Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta (STKW) Surabaya uga duwe andhil nyithak seniman-seniwati nom-noman. Dina Rabu (15/12) kepungkur, penulis diweni kesempatan intep-intep nung pawone STKW sak perlu ndeleng langsung kelendi para calon seniman-seniwati milenial iku sinau lan diwuruki.
Nyatane, STKW hing mung ngajari cara ‘berkesenian’ thok, taping uga ‘ngulet’ rasa lebih jeru ngenani kesenian, antarane; uga diajari nggawe perangkat-perangkat hang dienggo kesenian iku. Salah sijine, ana acara pelatihan ‘Organologi Karawitan Banyuwangi'. Nong acara hang dianakaken ambi jurusan karawitan iku, lalare mahasiswa hing mung diajari ngenal alat musik angklung lan kendhang, naming uga diajari pisan cara nggawene.
Sak liyane pelatihan iku mau, jurusan Tari STKW uga nggawe acara ‘Seminar Seni Pertunjukan Tari’. Ning acara seminar iku, hang digesahaken antarane ngenani bagiyan-bagiyan ‘gaib’ utawa hang biyasahe kejuluk ‘mistis’ Banyuwangi hang bisa diangkat dadi rupa karya seni pertunjukan. Apik. Merga hang digesahaken sak liyane perkara gerak tarine uga perkara mistis ngenani ilmu pengasihan hang kesuwur kelawan aran ‘Jaran Goyang’.
Noring acara iku, nara sumber ngangkat ngenani ‘suwuk’ hang uga kelebu perkara gaib. Maksude ngangkat perkara gaib kaya iku, tujuwan lan karepe yaiku; kelendi carane ngangkat perkara-perkara mistis dadi karya seni pertunjukan tanpa nyeliwah adoh teka aseline.
Seniman-seniwati nom-noman Banyuwangi hang lulusan STKW antarane; Samsul ‘Slamet’ Diharjo teka Desa Kemiren, hang saiki megiyet nularaken ilmune nong SMK Negeri 1 Giri. Uga ana hang aran Adlin Mustika, panjak enom hang umahe nong Desa Singojuruh, hang wis akeh milu cawe-cawe ning acara-acara kesenian hang dianakaken noring Banyuwangi Festival. Ana maning hang aran Miftahul Jannah, hang salah siji karya sendra tarine diweni aran ‘Belalak’. Karya tari liyane hang wis diasilaken ambi seniwati hang umahe nong Pakis Jaliyo iku yaiku ‘Gandrung Katanya’ hang buru bain dimainaken ring Gedung Wanita, dina Kemis bengi kepungkur.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : wawancara
Editor: Hani Z. Noor






