Ngungang Pawon Buka Bareng
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 14 Maret 2026 07:38 WIB)
- Laporan
Sakat dina kawitan ulan puwasa Romadon, sak sing-singe ana 6 (enem) uwong wadon hang kelipak-kelipek ring pawon Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi. Uwong-uwong iku ninggalaken keluwargane, sak perlu ngerumat keihlasane olah-olah kanggo bukane uwong akeh hang milu ngaji ring acara Ngerandhu Buka Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi. Koordinator Tim Dapur, Insiyah Fauzi nyampekaken, iyane lan Tim ulih jatah nggawe satus bungkus sega hang diwadhahi seterefom. “Hang satus maning dipaserahaken nang pengurus Takmir lan satus maning dipaserahaken ning pengurus Muslimat Baiturrahman. Sak liyane kanggo jamaah, Isun lan kanca-kanca uga olah bukaan kanggo tukang adan, operator lan Imam sembayang Magerib, pengurus Takmir lan Yayasan hang teka milu buka."
Kelendi kanggo keluwarga hang ditinggal ring umah? "Alhamdulillaah…magih ulih karen-karen kanggo bukaan keluwarga hang ana ring umah. Kadhung miturut Isun iku anjerah,” abane Insiyah makili kanca-kancane.
Teka telungatus paket bukaan iku kebagi kanggo uwong-uwong hang tulung-tulung iwuh kaya dene Panitiya Romadon teka Remaja Masjid, operator acara, tukang kamera, tukang unjal-unjal, peserta Tadarus Kid’s, hang ngisi solawatan lan anggota jamaah hang gelem milu ngaji Ngerandhu Buka. Durung kanggo karyawan lan Satpam Masjid Agung Baiturrahman Banyuwangi lan peserta Tadarus Al-qur’an Raksasa.
Dadi jaminan iku sing mung kanggo kepentingan bukaan, naming uga kanggo suguh-suguh hang maderusan.
“Mulane, kanggo sapa bain hang uwis milu ndeleh sedhekah kanggo bukaan, muga-muga ulih berkah ketambahan rejeki hang tumpuk-tumpukan, dadi uwong hang dikangeni suwarga lan keihlasane bisa ditiru ambi sapa bain. Aja sampek dadi uwong hang bisane nyalah-nyalahaken panitiya, rumangsa durung nampa bagiyan bukaan aju ngomong ngalor-ngidul ngelek-elek panitiya hang uwis bontang-banting. Mesthine hang gedigu iku kudu duwe isin ring awake dhewek paran maning ring ngarepe para malaikat lan Gusti Alloh. Wis sing gelem sedhekah, bisane nyageraken lan gawe pitenah ngalor-ngidul,” abane Sekretaris Yayasan Masjsid Agung Baiturrahman Banyuwangi, H. Abdullah Fauzi ambi rada ndhuwuraken suwarane. Mula, pangsiyunan PNS iku ngajak-ajak ning sapa bain, ayo galapan sedhekah kelawan ngerumat bukaane jamaah.
Sak uwong kanggo sak uwong. Sukur-sukur kadhung sak uwong nguweni bukaan kanggo satus uwong kaya hang uwis dilakoni Kang Elvin liwat Yayasan Ahlussyam Bhakti Insani lan uga hang uwis dilakoni karyawan/wati Badan Pertanahan Nasional. Sing kakehan omong, sing akeh tuntutane, akeh nyumbange akeh sedhekahe. “Muga-muga sedhekahe bisa dadi sebab berkah donyane,” dongane H. Abdullah Fauzi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.