Nguweni Pisa Kanggo Pendhidhikan Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 19 April 2025 07:25 WIB)
- Laporan



Ngewani PISA 2025 kanggo Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi

Banyuwangi ngawiti nyiyapaken lalare nom-noman kelawan seterategi "Programme for International Student Assessment" utawa disingkat PISA.
   PISA iki minangka setudhi internasional hang dipandhegani Organisation for Economic Co-operation and Development (OECD).
   Iwuh hang digelar rong dina jampleng Selasa-Rebo tanggal 15-16 April 2025 iku dianakaken ring Aula SMPN 1 Cluring. Ana 225 guru SMP teka maneka mata pelajaran yaiku IPA, Matematika, Basa Inggris lan Basa Indonesia
   Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi hang diwakili Didik Eko Wahyudi, S.Pd minangka Kabid SMP, ring pidhatone nyampekaken pirangane bab ngenani PISA. Hang kawitan fungsine PISA yaiku ngawasi kemajuan pendhidhikan ring kabeh negara-negara kelebu salah sijine Indonesia. Hang kepindho mbandhingaken kuwalitas pendhidhikan ring antarane negara-negara iku.
   Pak Didik uga nyempekaken gok perlu ana peningkatan kompetensi guru ring upaya nyiyapaken siswa miloni kemajuan jaman mengarepe. Kerana awak dhewek sing bisa weruh paran lan sapa ring pirangane taun mengarep hang cocok nyang masa depan peserta didik.
Banyuwangi didhapuk minangka dadi conto hang makili Jawa Timur hususe lan Indonesia.
   Diarepaken Workshop iki hing mung mandheg ring guru-guru peserta, naming kelendi carane materi PISA iki disebaraken nyang kabeh warga sekolah. Saingga perograme bisa mituhu ngunggahaken peringkat Indonesia saya apik maning.
Ring taun 2022, sekolah hang makili teka Banyuwangi yaiku SMPN 1 Sempu. Sewetara taun 2025 iki hang dipilih makili yaiku SMPK Santa Maria Genteng.
   Ana papat narasumber ring acara 'Fasilitas PISA' 2025 yaiku Bapak Hafit Juliardi, S.Si teka SMP  1 Genteng minangka ketua MGMP IPA SMP Kabupaten Banyuwangi. Iyane uga Duta Sains lan Guru Penggerak hang nduweni akeh perestasi.
   Hang kepindho, Bapak Zamroni, S.Pd, M.Pd teka SMPN 1 Licin hang madeg dadi ketua MGMP Matematika.
   Hang ketelu yaiku Bapak Muji Widiyanto, S.Pd teka SMP  1 Glagah hang madeg dadi ketua MGMP Bahasa Indonesia lan uga ahli ring bidhang teater teradhisional.
   Hang pungkasan ana yaiku Ibu Yeti Chorimah, M.Pd hang tau didhapuk 6 taun suwene dadi Fasilitator Lembaga Pendidikan Seni Nusantara, 4 taun dadi Fasilitator USAID Prioritas Pendidikan, uga Fasilitator Tular Nalar JRKI untuk Digitalisasi. Guru IPA ring SMP  3 Rogojampi hang ketiban sampur dadi ketua MGMP Bahasa Using iki uga tau dadi guru prestasi seni budaya lan uga mituhu nggerakaken literasi baca-tulis, budaya lan digital ring Banyuwangi.
   Kabeh narasumber ngarepaken guru-guru minangka garda paling ngarep ring pendhidhikan bisa temenanan nerapaken enem literasi yaiku literasi baca tulis, literasi nimerasi, literasi digital, literasi budaya, literasi IT lan literasi finansial. Merga 6 literasi iku minangka kawah candradimuka kanggone materi PISA hang bisa diterapaken lan diwulangaken nyang siswa lan ndadekaken iku peraktek hang apik saingga pendhidhikan kompetensi siswa bisa saya munggah lan saya apik dibandhingaken taun-taun sedurunge.
   Workshop dipungkasi bapak Edy Suprapto, S.Ap minangka wakil teka Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi. Pengarepane padha ambi para peserta lan narasumber liyane. Pengarepan iki kayadene keblake manuk garuda hang sagah miber mendhuwur lan saya dhuwur nggawa Merah-Putih ring Era Global.

(AW /YC/JN)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Aguk WN

Editor: Antariksawan Jusuf