Novel Agul-Agul Belambangan Sing Mung Sewates Cerita Sejarah
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 01 September 2025 07:41 WIB)
- Opini
Novel Agul-Agul Belambangan (AAB) hang sun anggit iki arupa novel sejarah hang settinge kira-kira ana ring taun 1765-1769. Lakon-lakon hang ketulis ring kana mesthi bain ceritane wong-wong hang ana ring sejarah perjuwangan Belambangan ngelawan kumpeni Landa ring mangsa iku.
Novel iki ring taun 2025 melebu cetakan kapindho. Hang kawitan ring taun 2017 wis entek sampek limid ring penerbite. Rumangsa magih akeh hang nggoleti pungkasane dicetak maning lan dipeleciraken bareng-bareng ring tanggal 6 September 2025. Bareng ambi pitung judhul buku liyane: 11 Taun (Nur Holipah), Lembayung Sak Unting (Satriya Pujangga), Lilin lan Lintang (Wahyu Rizki), Ngutugi Ati (Ansorik), Ontrang-Ontrang Langit Payaman (Kang Ujik), Mulih, Juger-Juger Basa Using (Antariksawan Jusuf).
Ring novel Sejarah iki penulis sing mung nggawe lakon (tokoh) hang nyata ana ring sejarah bain, naming uga nggawe lakon (tokoh) fiktif sak perlu nguripaken cerita sejarah iku. Kayadene aran Pungkas lan Tulak iku mesthi bain lakon (tokoh) gaweyan utawa daden-daden. Lakon iku sakperlu kanggo nggawe ceritane bisa enak diwaca sing mung sewates cerita sejarah biyasah. Mula iku ring Agul-agul Belambangan (AAB) ana cerita dhemenan (roman) antarane Pungkas lan Kemuning.
Agul-agul Belambangan (AAB) hang wis nampa hadhiyah Sastera Rancage taun 2017 iku, ngupaya nggawe cerita anyar hang saktemene lawase sing ketulis nong sejarah naming mung dadi cerita lisan hang ana ring desa-desa sakubengane kutha Lateng lan Alas Bayu.
Cerita-cerita kaya dene Ki Sudhun utawane Ki Uthun salah sijine jagabela hang ana ring perjuwangan Belambangan ngelawan Kumpeni Landa mula sing ketulis nong sejarah naming ring novel diceritakaken sampek cetha. Sak singe bisa dadi agul-agule wong saiki hang wis digawe lali kadhung embah buyute bengen akeh hang ampuh lan sekti. Cerita Sejarah agul-agul hang sejarahe arep diilangaken ambi Bangsa Landa ring novel iki ditulis maning. Bangsa penjajah Landa bengen mesthi bain sing gelem kelangan tanah jajahane. Mula iku anak putune bangsa hang dijajah arep sing diweruhi sejarah embah buyute.
Bangsa hang sing duwe jiwa patriotis mesthi bain sing bakal wani ngelawan bangsa liyan, ilang mongkoge merga sing duwe cerita embah buyute. Hang gedigi iki mula tak-tike penjajah makene sing pati ana bangsa jajahane hang wani mberontak maning. Naming nyatane wong Belambangan sing ana putuse berjuwang wanen ngelawan bangsa liya hang wis njajah Ibu Pertiwi
Masiya sing kabeh agul-agul Belambangan diceritakaken nong kene, naming bekel-bekel utawa lurah hang wis belapati kanggo tanah Belambangn uga diceritakakken kaya dene bekel Ngaliyan, Kebalen, Bareng, Tambong, Mabang, Singolatren lan liya-liyane.
Maca novel iki bakalan sing kerasa kadhung wis maca sejarah. Alur cerita sejarahe ditata apik lan bener sing ana babar pisan ngelawan sejarah. Kerana Agul-agul Belambangan (AAB) iki jangkep anggone nyeritakaken lakon sampek papan panggonan hang dadi settinge persis kaya sejarah, umpamane bain Kutha Lateng, Kebalen, Mabang, Ksatriyan, Lalangan, Banyualit, Singolatren, Perangan, Gumuk Badrang sampek Alas Bayu.
Sak liyane iku mesthi bain merga AAB uga ketulis ring dwi-bahasa nganggo loro basa yaiku Basa Using lan Basa Indonesia bisa ndadekaken novel iki buku pelajaran Basa Using. Novel iki bisa dadi literasi tambahan kanggone sastera Using hang ana ring Banyuwangi iki. Ring basa liyane yaiku Indonesia uga bisa dadi literasi arupa sastra Indonesia hang bisa uga dadi literasi tambahan cerita sejarah lokal ring sekolahan-sekolahan utamane sekolah-sekolah ring Banyuwangi, merga maca sejarah ambi maca cerita sejarah iku mula beda.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Hani Z. Noor-79272.jpg)