Nyerambah Arum Gandane, Reuni Akbar Alumni Sanggar Jingga Putih

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 26 April 2025 07:31 WIB)
- Laporan



Kadhung ngomongaken Sanggar tari hang gedhe lan wis dadi agul-agule karya seni teradhisi Banyuwangi sakat jaman bengen sakmarine Gestapu mesthine bain ya kudu nyebut aran Sanggar Tari Jingga Putih hang ana ring Rogojampi Banyuwangi. Sanggar tari iki diedegaken Sumitro Hadi salah sijine maestro seni hang lair ana ring Banyuwangi.

Sanggar tari hang dibina Pak Mitro (Sumitro Hadi, red.) ambi hang wadon dhewek hang aran Bu Unil (Sri Uniyati, red.) wis kejolok dadi panggonane nggodhog kadher-kadher kesenian yaiku seniman tari lan seniman tabuh hang mumpuni, kaya dene Subari Sofyan, Sayun Sisiyanto, Sabar Hariyanto, Jajulaidi, S.Pd, lan magih akeh aran-aran liyane hang saiki wis dadi dhedhengkote seni teradhisi nong Banyuwangi.

Sanggar Tari Jingga Putih tambah moncer ring jamane Banyuwangi dipimpin ambi Bupati Banyuwangi hang aran Joko Supaat Slamet. Sakat ring jaman iku Sanggar Tari Jingga Putih wis dadi panggonan kaya dene laboratoriume Pemerintah Kabupaten Banyuwangi ring urusan kesenian teradhisional Banyuwangi.

Dadi Duta Kesenian nyang Istana Negara angger ulan Agustus mengeti hari kemerdhekaan wis sing kaetung akehe. Sing mung sampek semono, sanggar iki uga dadi utusan negara Republik Indonesia nyang negara liya kaya dene, Amerika, Malaysia, Finlandia lan Jepang.

Teka lagu kawitan hang aran “Banteng Tangi’, lan tari kawitan hang aran “Lelewane lare Banyuwangi” Sumitro Hadi aju ngedegaken sanggar iki ring taun 1972. Sanggar tari hang uga manggon nong umahe dhewek iki yaiku ring dusun Krajan desa Gladag Rogojampi Banyuwangi iki gandheng ambi Balai Desa Gladag hang bengene bapake hang aran Sukoso dadi lurah ring kana.

Jingga Putih kira-kira asale teka "Jingga" lan "Putih", kelir jingga yaiku antarane kelir abang lan kuning hang duwe arti sagah lan gagah uga mencirak lan meromong kaya dene emas. Sakteruse Putih uga teka kelir putih hang duwe arti kesucian dan kesahajaan.

Sampek saiki meromonge sanggar tari iki ndadekaken lare nom-noman duwe tekad belajar nong sanggar iki. Sing salah para alumni sanggar tari iki wis akeh hang dadi guru lan uga pelatih ana ring sanggar-sanggar tari lan sekolahan-sekolahan nong Banyuwangi kayade M. Ikwan, Wana’i  lan liya-liyane, sampek uga dadi pemimpin sanggar ana ring kabupaten liya.

Tanggal 26 lan 27 April Sanggar Tari Jingga Putih nganakaken reuni akbar kelawan nggawa tema “Nyerambah Arum Gandane”. Kelawan tema iki dikarepaken anane karya-karya tarine Sanggar Tari Jingga Putih iki dadiya nggawa arum kaya dene arum gandane kembang hang semebrung sing mung ring bumi Nusantara naming sampek nyang negara manca.

Reuni para alumni Sanggar Tari Jingga putih iki uga dikarepaken bisa dadi papan panggonan anggone ngeraketaken sakduluran lan nyambung tali silaturohim ring antarane para alumni.

Ring dina Sabtu, 26 dianakaken kegiyatan lomba tari Jejer Jaran Dhawuk kanggo siswa utawane pelajar tingat Sekolah Dasar ( SD) lan Tingkat Sekolah Menengah Pertama (SMP). Sakteruse ring dina Ahad, tanggal 27 dianakaken resepsine yaiku nggelar  karya-karya tari Sanggar Jingga Putih hang ditarikaken alumni-alumni sanggar tari Jingga Putih. Lan magih ana maning penampilane sanggar-sanggar tari binaane Sanggar Tari Jingga Putih kaya Sanggar Tari Sayu Wiwit Aliyan, Cinde Sutra, Rama Lestari, Sekar Wangi, lan Tawangalun.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Hani Z. Noor