Nyorot Kopi Kanggo Kemerdhekaan Difabel Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Agustus 2020 08:15 WIB)
- Laporan



Hang aran merdheka iku kudune dirasakaken sekabehane warga, hing ana hang ditilap nong mburi, kelebu pisan wong-wong difabel. Gedigu hang dilakoni Aura Lentera, komunitas hang nduwe komitmen ngangkat nasibe wong difabel Banyuwangi kelawan advokasi lan penelitian teknologi hang ndhukung ring donyane wong difabel, jare Nurhadi Windoyo, ketua hang uga uwong hang ngedegaken organisasi iki.
Ndeleng potensi kopi ring Banyuwangi lan majune donya wisata, Aura Lentera nggelar pelatihan kopi kanggo lalare tuna rungu.
Jare Novian Tolek Nunox hang dadi pembimbing lan milu cawe-cawe ring Aura Lentera, materi kegiyatan pelatihan kelebu: ngarteni perkebunan kopi, ngolah kopi, proses roasting, nyorot kopi sampek nyang manajemen pengelolaan usaha kopi.
"Hing mung mandheg ring Pelatihan belaka, kene ngancani sampek pendhampingan bukak usaha," jare Novian hang saben dinane mbukak Mobile Cafe MoCa.
Kegiyatan pelatihan hang diarani AuraMoca iki emane akeh hang nyokong, umpamane Emir, barista (tukang racik kopi) hang nduwe cafe lan merek Gesha Coffee.
AuraMoca wis ping lima digelar sakat 2019 taping kepedhot merga ana pageblug.
Jare Windoyo, sedurunge ana pageblug lalare hang umahe adoh bisa ngumpul ring asrama SLB. Taping saiki rada kangelan. Saben angkatan ana lare telu lan nyebar ring komunitas lalare difabel.
Bayine Aura Lentera dhewek dikawiti ring taun 2006 sakat Windoyo ngerabi Indah Tukiman. Ndeleng lalare difabel hang kayane hing gelem sosialisasi menjaba, Windoyo aju ngedegaken komunitas Bina Netra. Kegiyatane umpamane nggawe radio komunitas difabel. "Masiya tiba tangi silih-silihan alat," jare Windoyo hang iyane dhewek wuta. Naming suwi-suwi iyane ngerasa Bina Netra kurang tepak.
Kelawan diskusi ambi keluwargane, iyane nggawe Aura Lentera taun 2012 hang ngarah nong tujuwan hang lebih gedhi yaiku kelendi kaum difabel iki bisa dadi warga negara kayadene wong liya, ngangkat awake dhewek lan bisa nggawe kontribusi ngisi kemerdhekaan.
"Masiya urupe hing pati gedhi taping bisa mbantu kaum difabel hang disisihaken ring masyarakat." Windoyo nambahi, kelendi carane, basa kasare, wong difabel hing mung nadhong sumbangan.
AuraMoca dhewek ahire dadi salah siji acarane. Pelatihan hang pungkasan dianakaken ulan Juli kepungkur ring kantor kecamatan Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor