Nyurupaken Kemanten: Gambaran Semangat Ngadhepi Urip

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 23 Desember 2025 06:15 WIB)
- Laporan



Nyurupaken Kemanten: Gambaran Semangat ngadhepi Urip

Istilah surup iku anjerahe kanggo ngarani lingsire serngenge ngarepaken kingslep ring walike gunung kulon. Saingga ngeraina hang maune padhang dadi remeng-remenge samar wulu, ngarepaken wengi hang peteng.
   "Iku setemene gambaran lakune urip. Kawitane serngenge melecir langit wetan rantag-rantag. Nguweni gambaran semangat ngadhepi urip ring donya. Nalikane serngenge kenceng nong bun-bunan, panas kemelethak, banget-bangete menusa montrang-mantring ngelakoni bingunge urip. Kadhung uwis dhoyong ngulon, menusa kudu uwis cepak-cepak sangu kanggo urip tenterem sampek selawase. Tenterem iku bisa jalaran sangu, uga sing sithik kerana jalaran rewange urip. Merga kelawan anane rewang, urip bisa imbang. Kadhung siji lan sijine padha-padha duwe kesadharan," abane Sonhaji, salah sijine tokoh masarakat Desa Gintangan Kecamatan Belimbingsari, nalika ditemoni belambangan.com dina Jemuwah (19/12) kepungkur.
   Aju Paran urusane ambi kemanten hang diSURUPaken ngarepane serngenge surup?
   Kadhung ring wilayah desa, hang aran nyurupaken kemanten ya nalikane serngenge surup. Setemene sing kudu gedigu.
   "Hang dimaksud kemanten disurupaken iku maknane kanggo laki lan rabine hang kudu ngerteni, kadhung uripe wis sing dhewekan maning. Kadhung urip laki rabi, hawa panas hang ngerambah kudu gancang-gancang diedhemaken kaya dene adheme hawa wengi. Watek lan adate nganggo karepe dhewek wis kudu diilangi. Paran-paran kudu dipikir uwong loro, saben-saben masalah kudu dirundhingaken ambi uwong loro lan kadhung ana kekarepan ya kudu dilakoni ambi uwong loro. Aja sampek dadi keluarga hang benteng ceweng. Lanange melaku nyang endi, wadone melaku nyang endi. Sewang-sewangan. Mula keluwarga hang gedigu iku sing kira nemu ketentereman," abane Guru Jumali hang uga manggon ring Gintangan, nalika iku ngepasi ngadakaken kemanten surup.
   Mula dikarepaken kelendi carane kemanten bisa ngeweruhi paran iku hang dimaksud surup.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor