ODP Warga Singojuruh Diisolasi ring Desa Mabang

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 12 Mei 2020 07:56 WIB)
- Laporan



Okta Pendi, 41 taun wis genep rolas dina tepak Jemuah sore ngelakoni isolasi ana ring Kantor Desa Lemahbangdewo. Pendi ODP teka Sumbawa iki sakdurunge mari megawe ana ring kana. Sak mulihe teka Sumbawa nyatane pas ana penerapan PSBB (Pembatasan Sosial berskala Besar) hang diterapaken ana ring desa Lemahbangdewo. Dadine Pendi kelawan kesadarane gelem miloni aturan teka desa diisolasi sak suwene 14 dina (rong minggu).

Pendi sakteruse diteraken ketua RT Mabang Lor lan Kadus Lemahbang Krajan nyang Kantor Desa Lemahbangdewo kanggo ngelakoni isolasi ring kana. Untunge bain Desa Lemahbangdewo wis nyepakaken ruang isolasi kanggo warga ODP lan PDP Covid-19.  Ruang isolasi iki awujud kamar hang wis dicepakaken nganggo kasur lan jedhing hang nganggo SOP teka Dinas Kesehatan Kabupaten Banyuwangi. Kabeh iku reka daya hang dilakoni pemerintah desa kanggo ngadhepi masa tanggap darurat virus Covid-19 Corona ana ring desa.

Nurcholik Sekertaris Desa Lemahbangdewo nguweni keterangan kadhung Okta Pendi iki sakbenere pancen warga desa Lemahbangdewo kelahiran desa Lemahbangdewo lan duwe umah ana ring Mabang Lor. Naming merga iyane kawin ulih wong Singojuruh sakteruse KTP-ne magih warga Kecamatan Singojuruh.

Nurut Sekdes Lemahbangdewo iki, Kepala desa Lemahbangdewo wis nerima anane ODP hang manggon ana ring ruang isolasi desa Lemahbangdewo. Sakteruse sekabehane saklawase ana ring ruang isolasi danane ditanggung Pemerintahan desa Lemahbangdewo.

Alhamdulillah iki ana bantuan teka Sekcam Rogojampi hang arupa beras sepuluh kilo. Dadine bisa mbantu pangane saklawase 14 dina, gediku Nurcholik nerangaken.

Kesadharane Pendi iki kudu dadi tuladha kabeh warga hang ana ring desa Lemahbangdewo. Masiya Pendi iki seger waras kaya masyarakat liyane sing duwe sambatan paran-paran saklawase ana ring ruang isolasi, iyane tetep sadhar ngelakoni urip ana ring ruang isolasi desa Lemahbangdewo.

Kadhung ana warga desa Lemahbangdewo hang mulih teka boroan kudu wani ngelakoni isolasi kaya Pendi iki. Isolasi bisa dilakoni ana ring umahe dhewek, kadhung sing mampu bisa manggon ana ring ruang isolasi desa. Sak lawase rong minggu sing ulih kumpul-kumpul warga liya lan sing ulih metu-metu sulung teka ruang isolasi kaya dene hang wis dilakoni ambi Pendi warga Singojuruh kelairan Mabang Lor iki

Ruang isolasi hang dicepakaken Pemerintah Desa lemahbangdewo iki kanggo ngelayani warga masyarakat desa Lemahbangdewo hang sing duwe lan sing mampu nggawe panggonan isolasi dhewek. Saklawase ana ring ruang isolasi kabeh keperluwane kayadene mangan lan keperluwane saban dina bakal dicukupi pemerintahan desa Lemahbangdewo.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Antariksawan Jusuf