Operasi Penertiban Protokol Covid Saiki Nganggo Dendha
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 15 September 2020 07:56 WIB)
- Laporan
Sapa bain ring Banyuwangi hang melaku-melaku ana ring panggonan umum aja capak sing nganggo tongkos (masker) merga bakal didhendha Rp. 250.000. Panggonan umum iku kayatah ana ring pasar, dalanan gedhe hang ana ring kutha, masjid-masjid jamik, setasiyun lan terminal. Pokoke ring panggonan keramean kabeh warga kudu netepi aturan protokol kesehatan covid-19.
Pemerintah Daerah Banyuwangi liwat Satgas Gugus Covid-19 bareng ambi TNI , Polri lan Satpol PP Banyuwangi nganakaken operasi gabungan manggon ana ring dalan kulone Taman Sritanjung utawa wetane Masjid Jamik Baiturrohman Banyuwangi. Operasi gabungan iki langsung nindak sapa bain hang ngelanggar aturan protokol kesehatan hang wis kaya ana ring Pergub Nomor 53 tahun 2020 tentang Penerapan Protokol Kesehatan dalam Pencegahan dan Pengendalian Corona Virus Disease 2019.
Sing sukur-sukur anggone operasi iki, sakliyane nangkep wong hang ngelanggar ring kana, petugas sakkalan langsung ngewani tindakan arupa sidhang ana ring panggonan. Merga ning kana wis ana hakim-hakim teka Pengadilan Negeri Banyuwangi hang wis sagah nyepaki meja pengadilan kanggo pelanggar. Anggone masarakat hang kepara-nyata ngelanggar aturan kesehatan bakal keneng hukum dendha sak gedhe-gedhene arupa picis rongatusseket ewu rupiyah.
Sakdurunge pancen Bupati Banyuwangi wis ngumumaken nyang para camat, lurah lan kepala desa anggone negesaken maning aturan protokol kesehatan iki. Ring kana Bupati Banyuwangi ngarepakeken Camat, Lurah lan Kepala Desa mudhun langsung nyang masyarakat maning nguweni sosialisasi hang teges kadhung perlu nganggo tindakan makene masarakat iki ngugemi temenan nyang aturan protokol kesehatan hang saklawase iki akeh hang sing pati ngereken.
Perintahe Bupati iki langsung diterusakan camat-camat, lurah-lurah uga kepal-kepala desa sak Kabupaten Banyuwangi. Sing luput uga ring desa Lemahbangdewo Kecamatan Rogojampi. Kepala Desa, Sekertaris Desa, Kepala Dusun uga Kepala Urusan liyane langsung mudhun nguweni sosialisasi nyang masyarakate.
Nganggo montor operasional desa Kepala Desa lan pejabat-pejabat desa iku mau langsung mudhun nyang dhusun-dhusun kanggo nguweni sosialisasi liwat corong hang ana ring montor. Ana ring panggonan keramean montor iku mandheg sak perlu nguweni penjelasan nyang masarakate.
Iki dudu hang sepisan lan kapindho naming hang wis ping kaping-kaping. Taping hang iki sing asal-asalan maning merga kadhung hang iki magih dilanggar bain langsung bakal keneng dendha, gediku Edi Sunarko Kepala Desa Lemahbangdewo nguweni keterangan nyang reporter belambangan.com.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf







