Paguyuban Sri Tanjung Makili Indonesia ring Iwuh Internasional
Tirto Arum (dipublikasikan pada Selasa, 28 Desember 2021 09:06 WIB)
- Laporan
Paguyuban Sri tanjung Hongkong nggelar gebyakan ring lapangan Victoria park tanggal 12 Desember sore lan seminggu sakwise makili Indonesia ring acara internasional. Ring iwuh gebyakan paguyuban Sri Tanjung Banyuwangi iki digelar bareng ambi paguyuban Lintang Arum Budoyo sekaligus sukuran teka keluwarga Green Family Hongkong. Green Family hang diedegaken taun 2007, kawitane teka grup Dancer hang merujuk dadi paguyuban pecinta seni Jaranan lan saiki malah dadi wadhah pirangane paguyuban ring payung organisasine iku. Yaiku paguyuban Tresno Wiro Budoyo hang dipimpin kak Andika Yosi, paguyuban Sri Tanjung Banyuwangi hang dipimpin kak Neeluh Hariyani ubed ring donya seni tari Banyuwangi, gandrung lan jaranan. Uga paguyuban Lintang Arum pimpinane kak Reyhana hang nguripi seni jaranan, aju ana sanggar rias Raelza Make Up pimpinane kak Evi, lan paguyuban Tunggal Sari Budoyo pimpinane kak Gala Eva hang nguri-uri seni tari topeng Lengger Wonosobo.
Rasa guyub ring sukuran iki diramekaken atraksi buta, atraksi celeng, ganongan, rampak barong, gandrung lan uga petang tumpeng minangka tandha rasa sukur nyang Pengeran Hang Maha Welas.
Paran maning ring dina Minggu sak uwise yaiku tanggal 19 Desember, sukure ditambahi ring Pengeran, yaiku Sri Tanjung diundang kawitan ambi organisasi Internasional masiya mung liwat streaming. Dina iku hing bisa dilalekaken tepak paguyuban Sri tanjung diundang makili Indonesia ring iwuh Internasional Migran Worker manggon noring Central Piers lan Internasional Care Migran ring gedung Ocean blue wilayah Jordan Hongkong.
Seru mongkoge tepak kene makili Indonesia ring dina dadine Banyuwangi hang kaping 250. Nana hang ngalahaken rasa seduluran bareng-bareng keluwarga. Tepak ana varian virus hang anyar yaiku Omicron ngerambahi donya, hing ngurangi semangate para migran kanggo tetep nggawe kreasi seni. Masiya kene magih kudu akeh sinau maning merga magih adoh teka kahanan sempurna.
Kadhung awak ana ring tanah boroan lan adoh teka keluwarga ring tanah kelairan, mung rasa sak kancaan hang dadi dhadhung muket rasa seduluran. Muga-muga kadhung wis hing megawe maning ring Hongkong rasa iku bisa tetep lestari.
Omicron mula durung uncal lan Hongkong netepaken wajib vaksin hang kaping telu, naming awak dhewek mesthi ndonga muga-muga pagebluge iki gancang uncal makene urip balik normal kaya sabene, lan ekonomi balik kaya asale. Selamat Hari Ibu, tetepa dadi wadon hang kuwat lan hebat minangka sakane keluwarga. Banyuwangi jenggirat tangi, isun lan rika seduluran selawase.
Cheung Sha wan, 22-12-2021
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tirto Arum, foto Sri Tanjung
Editor: Hani Z. Noor






