Paite Uripe Wong Tani Kopi ring Gombengsari
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 31 Agustus 2020 06:55 WIB)
- Laporan
Minangka komoditi penting ring Banyuwangi, kopi milu dadi salah siji andelan kang kudune disokong entek-entekan ring pemerintah.
Sak liyane dadi barang hang bisa diedol, wit kopi bisa nguripi akeh wong tani ring pirangane desa ring Gombeng, Kalipuro, Kelir, Telemung sampek Bulusari. Ibarate teka lor sampek kidul sampek Kalibaru, wilayah hang ana ring perengane gunung iku tandurane kopi kabeh.
Dadi hing mupakat kadhung wong tani kopi digeningaken hing dibela ngadhepi masalahe. Umpamane, kelendi carane munggahaken angka produksine, kelendi hing mung dodol kopi mentake (greenbean) lan mengarepe kelendi ngunggahaken dodolane liwat pasar lokal lan online.
Gedigu kira-kira asile rembug Forum Group Discussion (FGD) hang dianakaken dosen-dosen Poliwangi jurusan Agribisnis ambi wong tani kopi ring Gombengsari dina Sabtu sore, jare bendahara kelompok tani kopi Gombengsari Hariyono HO hang milu ring FGD.
Dosen hang teka milu FGD kelebu Mohamad Ilham Hilal SST. MST, Driyanto Wahyu Wicaksono SE. MST, Halil SPd. MST, lan Kurniawan Muhammad Nur SST. MM.
Jare Hariyono masalah kang diadhepi wong tani kopi ring Gombeng utamane, liyane tengkulak, ya ana wong PT Perkebunan hang akeh nukoni kopi mentake wong tani, hang pungkasane wong tani hing bisa nggawe inovasi produke.
"Wis regane dituku murah... wedine suwi-suwi tambah akeh generasi hang sing gelem dadi petani kopi maning," jare Hariyono.
Mula saiki wis akeh wong tani kopi Gombeng hang ngadol bubukan ngganggo merek dhewek kayata Anita, Dua Putra, Kasela, Kayangan, Lego, Nirwana, Seblang, lan Sritanjung. Kudune wong-wong iki dibantu kelendi pemasarane makene lebih bisa gedhi merujuke. Hing mung ditukoni kopi mentake bain.
Emane wong tani Gombeng hing sekabehane ngandelaken kopine. "Keperluane kene iki membranding hing mung desa kopi. Nong kene ana produk susu, madu kembang kopi, lan nam-naman jajang," jare Hariyono hang duwe merek Kopi Lego.
Gombeng dhewek ngasilaken kira-kira 400 ton kopi mentak setaune. Liyane iku emeh 75 persen umah ring Gombeng duwe paling sithik 10 wedhus. Hang akeh wedhus ettawa hang ngasilaken susu. Dadi kira-kira ana 20.000 wedhus ring kana. Ring sela-sela-selane wit kopi uga ditanduri wit gedhi hang milu nyumbang oksigen kanggo Banyuwangi.
"Kopi iki yara komoditi hang wis lebih suwi timbang umpamane jeruk utawa buah naga. Dadi kudune ana wigati hang lebih gedhi nang kopi," jare Hariyono.
Saiki ngenteni kelendi penelitian lanjutan teka Poliwangi, jare Hariyono.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor







