Pameran Kepurbakalaan Mapag Banyuwangi Kutha Budaya
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 04 September 2020 07:05 WIB)
- Laporan
Kutha Banyuwangi ring September iki ngawiti kegiyatan hang apik yaiku Pameran Kepurbakalaan dan Museum, dianakaken ring tanggal 3-5 September 2020 ring pelataran Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jalan A. Yani.
Kadis Kebudayaan dan Pariwisata YM. Bramuda hang mbukak kegiyatan iki nyampekaken kadhung kegiyatan hang nganggo tema “Membaca Masa Lalu Melakoni Masa Kini, Menata Masa Depan” iki dikarepakaken dadi panggonane pelestarian budaya bangsa kanggo nguripaken sejarah, cagar budaya, lan peninggalan kuna ring bumi Belambangan iki.
Sakliyane kegiyatan pameran uga digelar Lomba nge-vlog, sarasehan lan pagelaran wayang kulit. Kegiyatan liyane iki dikarepaken bisa dadi sawange kegiyatan punjer iku mau. Paran maning lomba nge-vlog hang dikarepaken uga dadi kegiyatan hang bisa ngeraketaken bab kepurbakalaan ring golongane kaum milenial nyang barang-barang peninggalan sejarah lan kepurbakalaan iki, gediku jare Bramuda.
Ring kana akeh stand hang mameraken barang-barang lan dokumen-dokumen kuna peninggalan sejarah umpamane barang purbakala, barang antik, dokumen lan naskah kuna. Sing luput uga ana stand pameran lukisan hang majang lukisane perupa-perupa Banyuwangi lan stand Museum Blambangan iku dhewek.
Syahril salah siji peserta nyatakaken kadhung pameran iki hang kawitan dipiloni. Syahril hang uga ketua Komunitas Barang-barang Antik Kawasan Banyuwangi Selatan iki nggelar barang-barang antik koleksi pribadine lan koleksi kanca-kanca komunitas barang antik hang ana ring Banyuwangi kidulan. Ana dhung 32 uwong hang wis milu ana ring komunitas iki. Sakat teka barang primitip, barang-barang kuna, sampek barang-barang pabrikan kolonial ana ring stand pamer barang antik pinggir kidul pelatataran Dinas Kebudayaan dan Pariwisata hang wis kesulap dadi ruang pameran iki.
Pameran iki dibuka kanggo masyarakat umum, sapa bain bisa teka lan mara ndeleng pameran. Iki penting kanggone masyarakat Banyuwangi, mergane sakliyane nduwe nilai ekonomi hang gedhe uga nduwe nilai edukasi kanggone masyarakat.
Naming kabeh hang teka ring kana kudu nganggo protokol kesehatan hang teges. Iki minangka ngati-ati nyang wabah pandemi virus corona hang saiki ring Banyuwangi tambah suwi tambah ndadi. Sakteruse Bramuda nyampekaken kadhung Panitiya arep nindak teges nyang pengunjung hang sing disiplin nerapaken protokol kesehatan pencegahan penyebaran virus covid-19 iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Hani Z. Noor







