Paran Iku Merdeka Belajar?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 25 Februari 2022 07:57 WIB)
- Laporan



 Ater-ater Redaksi: Paran iku Diseminasi Program Merdeka Belajar? Pengawas SD Kecamatan Banyuwangi Mbok Nani Asiany Ms nyeritakaken acarane ring ngingsor iki.

 Soren iku ring SDN Kebalenan kerungu suwara rame-rame. Kelas kang siji ana hang nyanyi, kelas liyane ana kang berak-berak yel-yel. Ana paran ya? Temakaken nong kana ana guru-guru kang sedheng milu acara Diseminasi Program Merdeka Belajar kang benere wayah mono wis bubar, waktune mulih. Taping kerana seneng, padha lali kadhung acara iku kudune dipungkasi, ditutup ditepakaken  jaduwal kang wis ditata.

Kemis soren iku, Diseminasi (penyebaran) hang disampekaken para Calon Guru Penggerak (CGP) sakat dina Rebone sampek Kemis tanggal  24 Pebruari 2022. Acara kang digagas lan dianakaken Gugus Sekolah 05 sekolah dasar Kecamatan Banyuwangi, kepingin guru- gurune kang gabung ning gugus sekolah 05 iku ulih pengetahuan lan keterampilan kanggo ngembangaken cara ngajare lan mujudaken Profil Pelajar Pancasila.

Acara kang dikawiti pidhato ketua gugus sekolah 05 yaiku Bu Istianah, S.Pd kepala SDN Model Banyuwangi. Iyane njelasaken kadhung Calon Guru Penggerak iku mbisuk mimpin pembelajaran kang bisa nyurung kelendi supaya ngajare iku lebih ngutamakaken kegiyatan murid, dudu gurune. Guru bisaa dadi tuladha lan agen Profil Pelajar Pancasila. Supaya guru- guru liyane kang ana ring gugus sekolah 05 iku paham paran kang kudu dilakoni nalika nong arepe murid- murid, mangkane para Calon Guru Penggerak iki padha nularaken ilmune lan bisaa aju diperaktekaken nong sekolahane. Ketepakan pisan Calon Guru Penggerak ring gugus sekolah 05 iku ana kang ngajar nong kelas ngisor lan kelas ndhuwur. Kadine peserta diseminasi kang jumlahe 48 guru iku dibagi rong kelas. Kelas ngisor utawa kelas 1, 2, lan 3 dipimpin ambi CGP Bu Yuliani, S.Pd lan Bu Ima Fatmawati,S.Pd teka SDN Kebalenan lan SDN Model, sedheng kelas kang ndhuwur utawa kelas 4, 5, lan 6 dipimpin Bu Luluk Hariyanti, S.Pd teka SD Muhammadiyah 2 Pakis Duren ambi Bu Nur Filaili teka SDN Model Banyuwangi.

Ana kang anyar ulih-ulihe teka CGP iki, antarane: paran iku guru penggerak, nggawe kesepakatan kelas, pembelajaran berdiferensiasi, pembelajaran sosial lan emosi (PSE), lan peraktek coaching. Perlu diweruhi kadhung Program Guru Penggerak iku salah sijine episode program kementerian Dikbud dan Riset. Saiki wis ana limolas episode programe kementerian iki kang dibungkus nganggo aran program merdeka belajar. Mulai episode siji kang aran Merdeka Belajar, lan episode kaping lima arane program guru penggerak. Episode kang paling anyar yaiku episode 15 program merdeka belajar ngenani Kurikulum Merdeka. 

Sakdurunge acara inti, mari mbukak acara Pengawas sekolah pembina Gugus 05 kecamatan Banyuwangi ngisi ngenani Kebijakan Pendidikan. Nang kono Bu Pengawas njelasaken kadhung episode Merdeka Belajar wis diluncuraken sakdurunge 100 dina kinerja Menteri Pendidikan dan Kebudayaan, Nadiem Anwar Makarim. Program Merdeka Belajar wis digarap taun sore, yaiku: 1)  USBN wis sing ana ganti ujian hang dianakaken uga ditemtokaken lulusane ambi sekolah, 2) UN diganti Asesmen Nasional (AN) kang isine literasi, numerasi, lan survey karakter, 3) Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP), disederhanakaken, 4) Penerimaan Peserta Didik Baru (PPDB) nganggo basis zonasi, artine paling sithik 50% lare kang umahe parek sekolahan kang dituju, kudu ditampa.

Salah sijine narasumber yaiku Bu Yuli nalika dijaluki penemune ngenani acara diseminasi iku nyatakaken kadhung iyane lega merga pesertane padha antusias, aktip, lan rata- rata wis bisa ngoperasionalaken komputer. Pesertane hang diwakili Bu Rohilah SDN 1 Kertosari lan Bu Yuni SDN 2 Kertosari uga nyatakaken puwas merga cara ngajar kang disampekaken narasumber kelebu perkara kang anyar. Paran maning saben ganti materi mesthi ana yel-yel kang seru. Ber ber beeeeerrrr.

                                                                

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor