Pasar Kembang Kirim Gurit Rame Maning

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 05 April 2022 10:12 WIB)
- Laporan



Pasar Kembang Kirim hang ana ring Gurit pinggir dalan hang nuju nyang perumahan Gurit sakat bengen katone ya magih gediku-gediku bain. Sakat wingi taklam usaha rakyat hang ana ring ngarep umahan pinggir lurung iki katone durung tau kesemplok program-progam teka pemerintah. Lapak hang dadi panggonan dhasar kembange ya magih gediku bain, arupa meja utawa pelanca umahan sakanane hang dicangking metu aju dienggo dasar.  

Kembang kirim hang didhasar ana ring kana antarane bain kembang kanthil  putih, kembang kanthil kuning, kumitir, kenanga, mawar, melati, pacar banyu. Maneka rupa kembang iku saiki wis sing kabeh bisa dikulak teka Banyuwangi lan sak ubengane naming ana uga kembang hang kulakane perlu teka panggonan hang adoh. Umpamane kumitir utawa kembang telek-telekan hang ditekakaken teka Bali.

Usaha pasar rakyat hang ana ring dusun Gurit RT. 03 RW. 01 desa Pengatigan Rogojampi iki wis ana sakat bengen. Bik Konah salah sijine wong hang dodol kembang hang ana ring Gurit nyatakaken kadhung iyane mung nerusakaen usaha emak-bapake hang wis ana sakat jaman iyane magih cilik bengen. Kira-kira ya sakat tahun 70-an pasar kembang kirim iki wis ana, gediku Bik Konah nerangaken nyang reporter belambangan.com

Pasar Kembang Kirim hang ana ring Gurit iki dudu pasar kaget utawa pasar dadakan hang mung ana ring penampan ulan puwasa kaya gediki. Pasar Kembang Kirim iki saban dina bukak, naming rame-ramene ana ring dina Kemis malem Jemuwah. Bik Tutik salah sijine wong hang duwe lapak ana ring kana nerangaken kadhung pasar kembang iki dadi rame ring ngarepe ulan Puwasa lan ngarepaken ulan Syawal, merga akeh wong hang padha jiarah kubur lan akeh hang mbutuhaken kembang kirim iki.

Sakliyane kembang kirim ring kene uga ana nyediaken uba rampene wong hang arep ritual kayata ritual ngebangi umah, piton-piton, nyukit lemah lan ritual liyan-liyane. Sakliyane kembang kirim cok bakal hang arupa endhog lan para bungkil bisa dituku ring kene.

Pasar iki kegolong unik kerana beda ambi pasar-pasar liyane. Pancen ya sing akeh hang dodol kaya ring pasar-pasar biyasah liyane naming kudune iki bisa dadi inopasi pasar rakyat kanggo masyarakat Dusun Gurit desa Pengatigan Rogojampi. Umpama Pemerintahan desa tanggap bisa uga didadekaken festival seminggu sepisan utawa rong minggu sepisan digawe gedhen-gedhen. Sakliyane kembang kirim hang didasar bisa uga ditambahi panganan tradisional gawenane wong Gurit desa Pengatigan ring wayah festival iku, paran maning Bupati Banyuwangi hang saiki iki terus ngupayakaken peningkatan nyang UMKM (Usaha Mikro Kecil dan Menengah) kelawan program-program hang langsung temebluk nyang masyarakat cilik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Moh. Syaiful