Pasar Kembang Pethetan Komplit Maneka Rupa

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 26 Maret 2020 13:29 WIB)
- Laporan



Angger dina Ahad, utawa Minggu ring Taman Blambangan Banyuwangi dianakaken acara Car free Day (Sedina sonder Montor). Maneka macem kegiyatan sak liyane Kuliner utawa panganan, hang sing ulih rika lalekaken yaika anane wong dodol kembang pethetan maneka rupa. Paran maning iki ngerepaken lebaran, rika mesti kepingin berahi, umah temata apik, ambi kembang pethetan ring ngarep umah. Uga akeh tanduran kembang pethetan hang ring pot, werna lan maceme kembang ya akeh seru.

"Mulai tanggal 14 Maret 2020, bukak ring Roxy Supermarket, Banyuwangi. Iku wujud megawe bareng antarane hang duwe Mall ambi Asosiasi Petani Tanaman Hias (APTH) Banyuwangi.. Ana 12 petani ring ngisore tendha ndhasar sekebehe werna kembang pethetan, banyu lan listrik iki bantuwane Roxy Supermarket minangka CSR (Corporate Social Responsibility). Megawe bareng iki padha ngenakaken keloroane, anggota petani kembang bisa mareki nyang wong hang arep tuku, kanggone Roxy nggarahi panggonane dadi rame ditekani wong-wong mau", gedigu ujare Mochammad Lutfi, Ketua APTH Banyuwangi.

Lutfi hang uga Camat Kutha Banyuwangi iki njelasaken, kadhung para tani hang gabung ring Asosiasine paca asile budidaya tanduran dhewek, duduk asile kulakan lan diedol maning. "Mangkane wayah diomongaken digawe bareng ambi instansi swasta, BUMN (Badan Usaha Milik Negara), aju padha ditanggapi apik lan gemati. Merga tujuwane kanggo njunjung ekonomi para tani kembang pethetan iki. Kadhung diweni panggonan dodolan, iyane seneng lan bisa nerusaken budidaya tanduran kembang liyane", jare Camat hang akeh penemu lan akale iki.

Akeh maceme kembang pethetan hang ditawakaken, mulai kembang tanduran uga kembang hang ana ring pot. Maceme mula Aglaonema, Anthurium, Sansevieria, Anggrek, Kaktus lan tanduran perujukan liyane. Sak liyane Buah Tin, Jeruk, Epoh, Kelengkeng tabulampot lan liya-liyane. "Pokoke ring pasar Kembang Pethetan iki nyenengaken, weruh wujud lan wernane bain akeh hang kepingin mindhah nyang umahe. Mangkane mumpung ngarepaken lebaran, hang arep berahi umahe bisa teka nyang Pasar Kembang Pethetan", tambahe Lutfi.

Marek teka Roxy Supermarket, APTH aju nerusaken megawe bareng ambi PT. Property Pelindo Indonesia hang ngelola Marina Boom Banyuwangi. Dhasar ring Boom iku mengko saben dinane, kejaba dina Minggu isuk ana ring Taman Blambangan milu ngeramekaken Car Free Day.

"Kanca-kanca APTH, uga nyewakaken kembang pethetan kanggo kantor lan intansi. Kadhung ana borongan nggawe taman lan ngisi tandurane kembange, uga dadi pegaweane kanca-kanca APTH. Biyasahe hang jasane kanca-kanca iku Kantor Swasta, Bank lan instansi swasta liyane. Uga sing sithik wong hang cukup umahe gedhe, aju nganggo jasane kanca-kanca APTH kanggo mberaheni umahe. Kanca-kanca duwe keahlian nandur lan nata kembang pethetan ring taman, uga bisa nyebadani paran penjaluke hang pesen", gedigu ucap pungkase Moch. Lutfi nyang www.belambangan.com
 .

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pasar Kembang

Editor: Antariksawan Jusuf