Pelukis S. Yadi K Ngenes Ndeleng Akeh Perupa Keneng Dampak Pageblug
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 27 Mei 2020 06:34 WIB)
- Laporan
Pelukis senior Banyuwangi kelayung merga seperene lukisane hang dienggo nyumbang warga terdampak Korona durung payu.
"Emane ana kanca liyane hang payu. Ahire Isun mung nyumbang sak mampune," gedigu jare Supriyadi hang terkenal kelawan aran S. Yadi K.
Hang rada nggawe girang atine, kanca-kanca seniman bisa melaku nggawe acara ngelukis bareng lan lelang asile lukisan dienggo mbantu seniman.
Bantuwan arupa sembako wis dibagi kanggo 150 perupa sak kabupaten hang keneng dampak pageblug iki.
"Muga-muga ana hang payu maning lukisane kanca-kanca," jare kang Yadi. Teka lukisan hang payu mau, ana hang nyumbang 50-100 persen asile dijuwut kanggo sumbangan," tambah Kang Yadi. "Rata-rata keneng dampak, paran maning (perupa Banyuwangi) hang nong Bali, ngenes."
Sakjege pageblug Korona lan Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB), para seniman Banyuwangi hing tega ndeleng dulure keponthal-ponthal nambeli kebutuhan urip sedina-dina.
Seniman, pelukis lan perupa, ngelukis ring dalan lan ngelelang lukisan hang asile disumbangaken nyang perupa liyane, jare Saham Sugiono hang bareng Kojin dadi ketua Aksi Peduli Covid19.
Setemene kegiyatane wis dikawiti ring ulan April kapanane kelawan mbagi topong (masker) lan sembako nyang warga.
Kira-kira ana 30 seniman lan 40 karya hang dipajang lan dilelang, uga ana telung karya seni patung, jare Saham. Regane sakat hang limang juta sampek 150 juta.
Akeh seniman-seniman kesuwur Banyuwangi hang milu ring acara iki, umpamane Mozes Misdy, S. Yadi K., Awiki, Mohammed Harahap, Katirin, Huang Fong, N. Kojin, Hariyanto, Windu Pamor, Ilyasin, Sarwo Prasojo, Elyezer, Suminto Wahyudi lan liya-liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








