Pengalaman Horor Tepak Ndeleng Janger

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 05 Januari 2022 08:41 WIB)
- Laporan



Menurutisun horor iku medeni, ngagetaken, lan ana hubungane ambi barang goib. Isun dhewek buru sepisan ditemoni para alus. Taping isun ya hing wedi nemen ya hing kari wanen seru. Isun pokok wiridan wis ngerasa aman lan ana penguwate awak iki. Isun mula hobi ndeleng kesenian salah sijine kesenian janger utawa seni damarulan. Ana loro pengalaman hang sun edum nong para pembaca nawi keneng dinggo hiburan lan keneng dadi pengiling-iling pisan.

Kepisan

Isun tepak melaku ndeleng janger teka Rejoagung Srono main nong dhaerah lurung dhaerah Sraten Cluring. Isun mula hing weruh lokasi percise taping wis di-shareloc ambi kancanisun hang milu janger iku. Kerana durung pengalaman nyang shareloc iku, ambi aplikasine mula diduduhi nong lokasi hang paling parek makene gelis. Eh.... sing weruha liwat dalanan tengah sawah hang adoh, hing aspalan, kebek watu-watuan, peteng pisan. Ring kana isun ambi kancanisun hang aran Puji nerusaken laku bain merga serang kepingine ndeleng janger teka Desa Rejoagung iku. Sak melakune sepidhah montor hang sun tunggangi, isun dikon maca salawat ambi kancanisun hang mula lulusan pondhok. Kadine isun ya manut bain kerana isun yakin iyane wis tau diweni amalan teka guru-gurune nong pondhoke. Sak dawane dalan magih ayem bain hing ana paran-paran. Tepak bucune dalan peteng sawahan iku wis katon arep ana umah-umah, ana semebrung ambune kembang melathi campur wangsa lan ana ambu-ambu nyenget liyane nong sawahan iku. Nyontog ambune langsung nggawe kemesar lan ati iki kemesut. Kancanisun hang jarenisun wanenan ya kerasa pisan taping isun sing ngomong dhung mambu wewangian iku. Kerana isun tepak digonceng dadi kanggo apike, kancanisun hing hun warahi ana ambu wewangian, wedine nawi kancanhun hing pokus maning nyetire.

Pungkasane hun geningaken ambi maca salawat mauka ambi magih ndheredheg. Serta wis melebu nong kampungan buru isun cerita nyang kancanhun mauka. Temekaken bedhekanisun bener, kancanhun kerasa lan mambu ganda arum iku pisan.

Serta mari ndeleng janger terus nak mulih, hun sak pikiran ambi kancanisun Puji iku yaiku golet lurung liya hang sing ngeliwati panggonan mau. 

Kepindho

Tepak buru teka nang Desa Parijatah Wetan, isun ambi kancanisun yaiku Puji mari ndeleh sepidhah aju melaku nyang lokasi. Kerana lokasine menjero nong selempitan dadi hun parkir sepidhah rada adoh. Isun nong Desa Parijatah Wetan iku tepak ana janger teka Dusun Sumberwangi Wonosobo Srono. Isun ambi kancanisun mula parkir nong ngarepan utawa dhaerah parkiran tamu. Ring kana suwasanane gerigis cilik uga rada derem pisan. Dalanan padha jemes lan belethok taping hing kari nemen.

Kaya biyasahe, Isun mesthi melebu ndeleng liwat mburi nong panggonan dandan kerana ana kanca hang mesthi hun parani yaiku salah siji pemain teka janger Sumberwangi iku. Buru arep teka nyang panggonan dandan, wis ana suwara nyeluk nong dalanan hang peteng kebek wit rambutan. Nyeluke alus uga hun kira iku lare wadon, taping isun hing wani nulih lan nyauri celukane mauka. Nyeluke gedigi:

"Mas..."

Isun ndheredeg diceluk gedigu iku, isun sakkal gancang melaku narik kancanhun makene gelis pisan dhung njangkah. Wis melebu nong rombongan para pemain hang padha dandan dhewek-dhewek, isun kerasa kepuyuh, hing bisa nahan lan temekaken kancanhun Puji ya kepuyuh pisan. Aju nggolet cedhing, kerana hing nemu kepaksa nong alas. Isun lan kancanhun padha golet panggonan dhewek-dhewek ring petengan iku. Serta wis lega mari nguyuh, gerigis hang cilik-cilik saya nemen cicire. Isun lan Puji gupuh metu teka alas langsung arep ndeleng janger hang wis mangkat. Liwat dalan selempitan nong umahe uwong mara-mara tanganisun ditarik ambi ana suwara ngajak isun.

Gedigi uni ajakane ambi narik tanganisun:

"Mas... ayo mas....ngiyup sek adhem Mas."

Isun ndheredheg, kancanhun saya telikas melayu ninggal isun dhewek. Hun tulih ambi merinci nulih isun terus. Dheredhege ati nggawe endhasisun hing wani nulih nong mahluk hang narik isun nong dalan selempitan iku. Ahire hun wanekaken nyekel tangan hang narik mauka, terus hun semauri kadhung isun hing gelem dijak ngiyup lan langsung isun marani kancanhun hang wis adoh teka papan iku. Hun uwel kancanhun mauka ambi iyane meringis dhewek. Isun buru iku kecaruk wujude mahluk iku. Jare kanacanhun, mahluk hang nyapa ambi narik tanganisun mauka arane “WANI” singkatane yaiku (wandu medeni). Isun langsung paham, ambi magih dheredheg sampek janger bubar isun hing wani nulih utawa marek, mesthi melayu tepak dipareki suwine sewengi nggenteng iku.

Rong pengalaman iku nggarai isun sing bisa lali nyang kedadeyan iku. Keneng dienggo cerita ring dina mburi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor