Pengalaman Milu Napak Tilas Prabu Tawang Alun
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 15 Desember 2021 07:00 WIB)
- Laporan
Sak umur-umur, Isun hing tau milu kegiyatan napak tilas gedigi iki. Ale ya acara iku apik lan nduweni manpaat. Ring taun 2021 iki isun ana rasa kepincut kepingin milu paran maning papan acarane diangkati nong desanisun dhewek yaiku Desa Benelanlor. Napak Tilas Prabu Tawang Alun iki melebu nong Festival Kecamatan Kabat kanggo mengeti Hari Jadi Banyuwangi hang kaping 250.
Setemene acara Napak Tilas iku wis dianakaken taun 2017. Artine kegiyatan iki ya wis kelaksan nggadug ring taun iki lan muga bisa selawase.
Acara hang wis diumumaken diangkati jam 06.00 cumpu buru melaku jam 08.00. Sedurunge melaku, ebek ambi susunan acara seremonial kayata sambutan teka Wakil Bupati Banyuwangi, Camat Kabat, Lurah Benelanlor lan magih ana suguhan tari “Prabu Tawang Alun” lan suguhan tembang lan gendhing teka sanggar seni “Lang Lang Buana”. Sak marine iku ya ana donga lan pembukaan acara Napak Tilas iku mauka.
Hun intep, pesertane ya akeh, ana hang teka Kecamatan Genteng, Kalibaru, Rogojampi, Srono, Tegalsari, liya-liyane, durung maning hang teka Kecamatan Kabat dhewek. Dhaerah-dhaerah iku mauka diwakili peserta teka masarakat, uga ana hang magih lungguh ring bangku sekolah SD, SMP, SMA. Serehne acara iku ana hubungane ambi sejarah, ya diundang pisan komunitas-komunitas pecinta sejarah.
Tepak pendaptaran, diumumaken saben peserta bisa ulih kaos geratis. Kaose werna putih lan ana gambar uwong (mesthine wong iku nggambaraken Prabu Tawang Alun) ring mburine macan putih. Lan tulisan "Ojo Kepaten Obor" hang maksude Napak Tilas iki kanggo ngenget-enget paran hang wis dilakoni embah buyut bengen njejegaken Belambangan hang saiki dadi Banyuwangi. Makene lalare generasi mbisuke hing lali nyang sejarahe dhewek. Mari ulih kaose, aju hun enggo kaya dene peserta liyane hang agage siyap-siyap nong papan acarane diangkati.
Acaran napak tilas iki dikawiti teka ngarepe Balai Desa Benelanlor melaku ngidul aju meliguk ngulon arah Dusun Gumuk Sari. Ring Dusun Krajan Desa Benelanlor para peserta disuguhi ramene grup seni terbang teka Desa Benelanlor aju serta wis gadug Dusun Gumuk Sari hang magih melebu Desa Benelanlor iku pesertane disuguhi maning kesenian grup patrol teka SDN Benelanlor. Ring bucu kulon Dusun Gumuk Sari peserta dipeligukaken ngalor nong arah Desa Bunder. Serta wis gadug Desa Bunder, peserta disuguhi maning ambi hiburan penyemangat yaiku grup Seni Barong teka Desa Gombolirang. Teka Desa Bunder mauka melakune diarahaken nong Balai Desa Bunder hang sakmareke aju meliguk ngetanaken ngeliwati Desa Gombolirang tembus ngetan maning ring arah Desa Macan Putih. Gadug puthuk arep melebu Desa Macan Putih yaiku Dusun Tosari Desa Gombolirang, dipeligukaken ngidul nong arah Dusun Cungking Desa Gombolirang. Bilukane ngidul nong arah Dusun Cungking mauka disambut maning ambi hiburan seni terbang teka Desa Macan Putih.
Sak dawane melaku mauka, isun hing kerasa kesel masiya tah panas kemelethak wis nyenget nong bun-bunan iki. Akeh peserta enom tuwek hang padha ngempos lan mbobos melakune serehne kesel sikile lan kepingin gelis gadug. Dhung isun dhewek, hun akoni mula arang olah raga kadine hing kari kuwat pisan. Peserta hang milu ya hing lali padha nganggo masker kerana tetep njaga protokol kesehatan.
Gadug ring panggonan pungkasan aju disambut maning ambi musik elekton. Ambi panitiya diuweni ombenan lan sega kothakan. Ring kana wis akeh peserta hang katon lesuh. Hang kawitan nong petilasan ya uga katon, padha kerubutan potrek siji-siji lan keliling nulihi sekabehane hang ana nong sakubengane petilasan iku. Wong dodolan ya garus kerana padha ditukoni ambi para peserta. Kira-kira ana setengah jam ngepos, panitiya aju ngocak kupon hang mula diuwakaken nyang para peserta nalika daptar. Hadhiyahe bain akeh wujude, ana keset, cibuk, uga ana kulkas.
Naming isun hing sampek pungkas miloni kabeh acara napak tilas mauka, marek acara kocakan kupon isun aju melaku mulih. Endhasisun kerasa mumet campur lempe hang sekirane kaya nak semaput pisan. Taping isun dhemen masiya buru kawitan, isun hing kapok. Ring acara iku isun bisa ulih pengalaman, bisa kecaruk dulur lan kanca, uga nambah wawasan lan sinau nyang sejarah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor






