Pentas Wurung Merga Corona, Dibelani Dodolan Udheng Online (1)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 07 April 2020 11:37 WIB)
- Laporan



Pageblug Corona lan ketentuan teka Pemerintah hang ngelarang ana kegiyatan lan wong metu teka umah, dirasakaken langsung ambi seniman tradhisional Banyuwangi. Alae ngarepaken puwasa yaiku ulan ruwah biyasahe akeh wong duwe gawe lan nanggap macem-macem kesenian, saiki wurung kabeh. Rencana ana pendataan teka Pemerintah, sampek saiki mung wates wacana durung ana nyatane. Kamangka wurunge pentas iku wis nyata anane, iku berarti wurung ulih rejeki kanggo nyukupi butuhe saben dinane.

"Kanggo Isun hang njagakaken pengasilan teka kegiatan keseniyan, seru kerasa ambi pageblug iki. Sakat sewulan kepungkur sampek April iki, kudune ana 20 job pentas. Ana undhangan teka Jakarta, Surabaya, Bromo, hotel-hotel ring Banyuwangi lan wong duwe gawe. Kabeh mau wurung kabeh, nana hang wani ngelanggar ketentuan pemerintah", ujare Haidi Bing Slamet, seniman hang duwe Sanggar Uni Using asal teka Desa Kemiren, Kecamatan Glagah.

Haidi utawa akreb diceluk Edi Bing iki nerusaken ceritane, kadhung teka rencana pentas mau uga ngelibataken puluhan seniman pendhukung. Akeh-akehe seniman mau megawe serabutan lan tani, pantese magih bisa nyukupi butuh sedinane. "Naming iki ngarepaken lebaran, kabeh wis duwe rencana kanggo ulan puwasa hang uga mandheg. Paran maning butuhe lebaran, jelas kebes kabeh wis", digu sambate Edi.

Edi hang duwe anak bayi iki, terus muter uteke supaya bisa terus nyambung urip lan nyukupi kanggo tuku susu anake. Sakliyane duwe keahlian nggawe baola, Edi uga penter ngelepit udheng has Using. "Ya saiki Isun njagakaken dodolan udheng Using online, kanggo nyukupi butuh saben dinane lan tuku susune anak. Kadhung hang pesen magih ring Banyuwangi, sun eteraken dhewek mulai teka Muncar, Pesanggaran, Wongsorejo lan dhaerah liyane. Masiya adoh sunbelani, terima ngeteraken udheng siji hang reganbe Rp. 150 ewu" jare Edi hang uga pinter ngendhang iki.

Kawigatene pemerintah dhaerah sampek saiki durung dirasakaken, masiya iyane sak kanca seniman akeh ndukung program pemerintah dhaerah rinng donyane pariwisata. "Sabene ulih edaran tekan Kemendikbud, magih didata embuh arep dikapakaken. Timbang ngenteni hang durung jelas, ya suntelateni dodolan udheng bain," pungkas Edi.

Beda maning ambi sambate Purwadi, utawa Kang Pur hang ngelola Rumah Budaya Osing (RBO) Kemiren. Biyasahe nerima puluhan dhayoh teka njabane Banyuwangi sakperlu kepingin weruh budaya lan tradhisi Using, uga kesenian Gandrung. "Calon dhayoh hang wurung ana 8 rombongan, kira ana 700 uwong sak njerone ulan Maret kepungkur. Kelendi maning, iki wis dadi pesthine alam lan pemerintah wis ngatur mane sing saya ndodro," ujare Kang Pur.

Kadhung ukurane awake dhewek, Kang Pur bisa nerima kahanan kaya gedigi. Iyane magih bisa ngerumat tanduran, ambi ngingoni rajakaya. Naming hang ngganjel nyang pikirane, tangga teparo sak suwene iki mbantu lan nggatungaken uripe ambi tekane dayoh mau. Akeh seru hang milu urip, mulai teka seniman, uga wong hang olah-olah panganan hang disuguhaken nyang dhayoh mau.

"Embuh sampek kapan kahanan iki, lan Isun masiya sithik bisa mbantu nyang tangga-tangga mau. Iki arep lebaran, mesthi bain butuhe sing terima kanggo mangan sedina-dina. Muga-muga bain keneng dijuwut hikmahe, mesthi ana rencana liya teka Gusti Allah ambi anane pagblug iki," pungkase Kang Pur ambi pamitan makani ingon-ingon sapine.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf