Pesona Keroncong

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 25 Juli 2026 08:01 WIB)
- Laporan



Ditulis ring Nani Asiany

Dina Rebo lan Kemis isuk tanggal 22 lan 23 Juli 2026 kepungkur minangka wayah kang dianten-anteni ambi para peserta lomba gendhing keroncong kang kejuluk Pesona Keroncong. Acara iki nggarahi mongkoge masarakat Banyuwangi kerana pestipal iki sing mung dipiloni wong tuwek-tuwek thok, taping uga lare-lare pelajar SMP lan SMA kang ana ring Banyuwangi.
   Manggon ring Taman Blambangan, mangkat mulai isuk sakmarine dibukak ambi Plt. Kepala Disbudpar, Pak Hartono sampek soren sing mandheg-mandheg. Ngaso setengah jam kanggo nguweni waktu ibadah solat utawa madhang.
   Serta kabeh peserta wis nggendhingaken lagu pilihan kang lagune dhaerah kabeh kaya: Gelang Alit, Kangen Banyuwangi, Selendhang Sutera, lan Kali Elo kang diiringi musik keroncong, soren iku diumumaken 10 kang melebu pinal. Sepuluh lare kang kategori pelajar lan sepuluh uwong kanggo kategori umum iku kudu tampil maning ring babak pinal lan nggendhingaken siji lagu wajib lan siji lagu pilihan. Kabeh lagu wajibe aseli lagu-lagu keroncong, kaya: Dewi Murni, Bandar Jakarta, lan Dinda Bestari minangka lagu wajibe kategori umum, sedheng lagu wajibe kategori pelajar yaiku Selendang Sutra, Pahlawan Merdeka, lan Tanah Air.
   Panitiya nata penampilane peserta mulai babak penyisihan sampek pinal diselang-seling nurut kategorine. Mari kategori pelajar aju kategori umum. Balik maning pelajar, umum maning. Gedigu sakteruse. Mangkane penonton sing bosen ndeleng lomba iki. Masiya marine sampek soren, penonton magih sabar nunggoni.
   Bengine, pengumuman kanggo pemenang lomba diumumaken. Undangan hang nong ngarep sing mung teka pejabat Pemkab taping teka komunitas utawa instansi liyane. Para undangan sakliyane bisa nyaksekaken sapa juwarane taping bisa uga ndeleng penampilane juwara kategori pelajar lan umum.
   Juwarane kategori pelajar kesebut Giovano Widyanto, Hapsari Putri Rahayu, Aura Distifa Nictitama, Annisa Mayta Dira Pratiwi, lan Alzena Dascha Zamira Effendi minangka juwara I sampek Harapan II.
   Sedheng kanggo kategori umum juwara I sampek Harapan II yaiku: Edi Leksono, Menik Widyawati, Any Sasmita, Citra Chairunisa, lan Rachel Nilam Anindian. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor