Petani Gombeng Diwuruki Carane Ekspor Kopi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 07 September 2021 09:05 WIB)
- Laporan
Kelendi carane mbukak pasar makene lebih akeh payune asil panene kanggo wong tani? Salah sijine yaiku mbukak pasar ekspor. Kelendi carane? Jawaban kelendi carane iku hang dibukak ring pelatihan kanggo petani kopi ring Gombengsari dina Jemuah sore. Hang milu pelatihan ana 16 wong, sak liyane anggota Kelompok Tani Rejo (Lerek Gombengsari) ana pisan petang mahasiswa Universitas 17 Agustus (Untag) Banyuwangi. Gedigu laporane kang Hariyono Ha'O manajer Internal Control System (ICS) ring Kelompok Tani Lerek Gombeng.
Nekani acara iku antarane Kepala Balai Besar Perbenihan Dan Proteksi Tanaman Perkebunan Surabaya (BBPPTP) Ir. Purwo Widiarto , MMA lan 11 uwong rombongane. Kelebu pak Bayu Aji Nugroho hang ngewani pelatihan proses kopi Wine, kopi Honey lan kopi Anaerop lan hang penting yaiku kelendi carane ngerambah pasar manca negara. Uga ana rombongan PLT Kepala Bidang Perkebunan, pak Ilham Anda teka Dinas Pertanian Banyuwangi lan lima anggotane.
Peserta pelatihan diajari kelendi carane ngunggahaken produksine, proses marek panen lan pemasaran ring lokal lan uga mbukak pasar ring manca negara.
Kepala Balai uga ngomongaken kelendi mbangun komunikasi nyang pihak Karantina sak perlu bisa-a ngewani sosialisasi nyang para tani bab Prosedur Pengiriman Ekspor nyang pirangane negara. Merga beda negara beda pisan aturane.
Ring acara kono uga diserahaken bantuwan alat paska panen Kopi lan uga Sertipikat Organik.
Hang dikarepaken pisan sak liyane potensi kopi lan ternak, merga akeh petani ngerawati wedhus, Kepala Balai uga ngomongaken potensi wit kelapa hang dadi indhukan lan mengarepe bisa ana pendhedheran kelapa kelawan winih hang standhar.
Acarane diterusaken ring Rumah Kopi Lego kanggo ndeleng mesin paska panen hang dikirim lan pirangane minggu sedurunge wis teka ring kono.
Gombeng lan desa liyane ring kecamatan Kalipuro kayata Kalipuro, Kelir, Telemung, Bulupayung mula dadi wilayah hang ngasilaken kopi paling gedhe ring Banyuwangi.
Kebon kopi rakyat hang ana ring kono kira-kira werane 4.300 hektar, emeh padha ambi wilayahe perkebunan hang ana kayata perkebunan Selogiri, perkebunan Kaliklatak lan perkebunan Kalibendo. Kadhung diitung kabeh wilayah kopi ring Banyuwangi kira-kira ana 16.000 hektar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hariyono Ha'O
Editor: Hani Z. Noor






