Pideo Klip Gendhing Ikawangi Diluncuraken ring Youtube
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Rabu, 09 Maret 2022 14:06 WIB)
- Laporan
Gendhing "Nggendhong Indhit Ikawangi" bener-bener nduduhaken pilosopi wong Banyuwangi kanggo nyangga bareng-bareng paran hang dilakoni. Hing mung nong lirik lagune taping nggawe gendhinge ya disangga bareng-bareng.
Delengentah gendhing hang nduduhaken seru gedhine welase wong-wong Banyuwangi hang ana ring boroan nyang tanah kelairane iki.
Gendhing iki lirike ditulis ring kang Antariksawan Jusuf utawa kang Aang, pegiyat basa Using hang kala-kala nulis lagu pisan. Iyane wis tau nulis lagu judhule "Basa Using" hang tau dinyanyekaken Virgie Hasan lan "Korupsi Iku Nyolong" hang ulih juwara 3 Lomba Cipta Lagu Anti Korupsi hang dianakaken ring Kantor Pajak Banyuwangi taun 2020.
Dene nada lagune digarap dalang Using hang manggon ring Songgon yaiku kang Ilham Laili Mursidi hang uga nggarap musike. Dalang Ilham iki ya dudu wong anyar perkara nggarap gendhing tradhisional. Aju gadug ring Jakarta, aransemen musike digarap maning ring Sanggar Sekar Arum Jakarta Timur pimpinane kang Haji Sugiman.
Duet penyanyi hang nggandhang yaiku artis Ikawangi hang wis kerep munggah genjot ring acara-acara kumpulane wong Banyuwangi hang ana ring Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Cimerang, Kapursuci yaiku artis tiktok hang manggon ring Bekasi Feby Septiasa lan artis sinetron hang uga bintang iklan asal Licin Jamil Segara.
Dina Jemuah sore wong loro iki wis melebu ring panggonan rekaman hang ana ring wilayah Bintaro Tangerang Selatan lan wis nuntasaken rekamane. Dene pideo klipe digarap bareng antarane kang Erfan hang dadi juru kamerane lan penyunting gambare diolah ring kang Ipoh Yudi.
Gendhing iki rencanane arep dinyanyekaken rame-rame ring Pendopo Sabha Swagata Blambangan tepak acara ramah tamah ambi Bupati Ipuk Fiestiandani. Sedurunge ramah-tamah, wong-wong Ikawangi hang akehe 143 wong arep mancat bareng-bareng ambi wong Banyuwangi hang akehe 531 teka bandara ring Rogojampi nyang pendhapa. Acara hang wis melebu kalender Banyuwangi Festival tanggal 19 Maret iki uga kanggo mengeti 50 taune Ikawangi Pusat. Acara mancat sepidhah lan acara-acara Ikawangi iki bisa jejeg kelawan pilosopi "nggendhong indhit" kanggo megiyet bareng. Paran-paran dilakoni bareng-bareng lan disangga wong akeh. Hang abot dadi entheng.
Kadhung kepingin weruh klip-e bisa mbukak ring youtube, iki tautane:
https://youtu.be/KNrD3lRGg5E
"Nggendhong Indhit Ikawangi"
Lirik: Antariksawan Jusuf
Lagu: Ilham Laili Mursidi
Aransemen: Sekar Arum Jaktim
Penyanyi: Feby Septiasa & Jamil Segara
Juru Kamera: M. Erfan
Penyunting Gambar: Ipoh Yudi
***
Ikawangi ikawangi ikawangi
Ikatan Keluarga Banyuwangi
Wadhah kumpul srawung lan nguri-uri
Budayane jejeg semebrung wangi
Tanah kelairan aja sampek lali
Ikawangi umah isun lan rika
Asal Kalibaru sampek Wongsorejo
Songgon, Licin, Banyuwangi kutha
Teka Gunung Raung sampek Alas Purwo
Reff:
Embok kakang guyup milu nyekseni
Kekarepan hang gemerujug mili
Kepingine padha milu ndhepani
Nancepaken aran Banyuwangi ring ati
Serngengene rantag petenge ilang
Jenggirat tangi melakuwa gancang
Tandang gawe, telikas hang patheng
Nggendhong indhit, megiyet bareng
Reff:
Embok kakang guyup milu nyekseni
Kekarepan hang gemerujug mili
Kepingine padha milu ndhepani
Nancepaken aran Banyuwangi ring ati
Ikawangi...Ikawangi...Ikawangi
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ikawangi
Editor: Antariksawan Jusuf






