Pilem Lintrik Nggawa Artise Tayang Dina Iki ring Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 09 September 2025 08:07 WIB)
- Laporan
Pilem Lintrik Nggawa Artise Tayang Dina Iki ring Banyuwangi
Diangkati dina iki, pilem Lintrik Ilmu Pemikat diputer ring Banyuwangi lan ngewani kesempatan ring masarakat Banyuwangi bisa ndeleng hang kawitan lan kecaruk ambi artis-artise.
Setemene pilem hang digawe nganggo latar cerita Banyuwangi iki dijadwal tayang ring biskop tanggal 11 September. Naming ring Banyuwangi digelar sulungan lan artise ditekakaken.
Jare produsere, Ibu Asye Berti Saulina, kabeh artis milu nyapa penonton Banyuwangi, Genteng lan Jajag. "Sakat tanggal 2 September artis-artise wis nong Banyuwangi," jare Ibu Asye.
Dina iki pileme tayang bareng ring Banyuwangi, Jajag lan Genteng.
Ring Banyuwangi digelar ring biskop NSC Banyuwangi jam 14.20, ring NSC Genteng 16.10 lan ring NSC Jajag jam18.25.
Pilem Lintrik nyeritakaken fenomena salah siji ilmu sihir hang nganggo mantra-mantra kanggo nyihir uwong.
Apuwa Bu Asye milih lintrik Banyuwangi? "Teka kawitan arane bain nggarahi wong kepingin weruh. Lintrik," jare produser hang pensiyunan pegawai tambang minyak iki.
Gara-gara liyane, kancane Bu Asye ana hang cerita wong tuweke keneng lintrik sampek nemoni pesthine.
Iyane aju kepingin weruh lebih jeru lan nemokaken ana sineas Banyuwangi hang nggawe film cendhek limang menit hang judhuke "lintrik", yaiku Tsani Fani. Tsani iki sutradara hang nggarap pilem aseli Banyuwangi "Rindu Yang Bertepi" kapanane.
Pilem iki mula saya nguwataken aran Banyuwangi minangka panggonan sintru kaya umahe dhukun lintrik ring ngingsor wit-witan gedhi lan dhuwur ring Alas Suko.
Kanggo wong Banyuwangi, pileme iki rada nggawe gedhine ati merga basa Using dienggo ring pirangane adhegan. Hususe metu teka pemeran hang teka Banyuwangi kayata Mak Temu Misti, kang Yon DD lan Kang Ramli.
Bintang liyane hang teka Jakarta yaiku Meisya Amira, Yati Surachman, Donny Damara, Karina Icha, Fannita Posumah, Akbar Nasdat lan Teguh Ryder.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








